Bab Pasang Tarub

Bab Pasang Tarub

Saking pemanggih kula Tarub, satunggaling adat mligi tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu. Liripun jaman kawuri kagem ngawekani yen tamu ingkang rawuh kathah. Nanging ugi kepara malah saged dados pratanda bilih ing mriku wonten ingkang kagungan kersa.

Kejawi saking punika ngendikanipun para pini sepuh bilih pasang tarub satunggaling adat ngawekani dhatengipun bab-bab ingkang boten prayogi, mila tarub ugi dados satunggaling tolak balak. Manut crita kina pasang tarub dados pratanda nyuwun kangge kang jagi lingkung utawi papan mriku ( mbaureksa) supados mboten ngganggu naning tumut rencang-rencang, pemanggih sanes kangge berkahipun dumateng ‘Ki Jaka Tarub’ supados ing papan mriku dados wiyar lan pantes kagem nampi para tamu.mila tarub dipun pirsani tata lahir damel regenging tiyang kang kagungan kersamantu, awit upami boten dipun tarubi kinten kula katingal sangli !

Dene pasang Tarub. wonten ingkang ngagem petang utawi tetimbangan ingkang dipun wastani “saat”. Dene tetimbangan wau lajeng kados-kados dados paugeran awit dinten lan wancinipun dados pathokan, lan wonten bab sanes, kados contonipun boten sareng kaliyan dinten naasipun kulawarga. mila petang wau yen dipun penggalih pinanggihipun unik.

Yen pemanggih kula bab dinten lan wekdal inggih punika ingkang saged dipun sengkuyung dening sanak sederak, nuwun sewu punika kula. Ingkang baken tentu kemawon boten nilar paugeran Jawi,

Pasang tarub dipun wiwit saking pasang tratak lan bleketepe, janur sarta pasang tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang pinangka regol mlebet medalipun tamu.

Tutuwuhan kapendhet saking maneka warni ingkang awujud kados dene woh-wohan, wit-witan, ingkang sedaya kapilih ingkang mengku pralambang, Kadosdene contonipun: ;

  1. Pisang Raja Ayu
  2. Kelapa ganding
  3. Tebu wulung
  4. Pari lan cantel
  5. Ron-ronan ; kados ron keluwih, ringin dan kroton lsp

Pasang “Tratak”

Jaman kawuri tratag dipun damel saking “kepang” nginggilipun katutup “bleketepe”. Nanging kemajenganing jaman lan mendet praktisipun samenika dipun gantos tenda.

Dene tratag pinggiripun dipun paringi rrerenggan saking “janur kuning”. Dene masangipun janur kadamel mlengkung, werdinipun murih anggenipun kagungan kersa tansah pinayungan ing Pangeran kalis nir ing sambe kala

Dene tembung “janur” ngendikanipun mengku werdi saking ‘jan-nur’, tegeseipun ‘jan’ saking tembung “jane” dene ‘nur’ cahya. Mila werdinipun Cahya ingkang nyata, utawi terang sanyata.

Dene werdinipun masang janur kuning dados lambang tetenger bilih titi wanci punika ing papan (dusun) mriku wonten ingkang kagungan kersa mantu. Mila tumusing bebasa yen wis ana janur kuning mlengkung sira kabeh aja ana kang wani ngganggu wanita iku

Pasang Tarub Jaman kawuri inggih punika:

  1. Damel “kajang” utawi tratak, cagak saking deling wulung (pring), lan payon kadamel kepang , nginggil dipun sukani nam-naman “bleketepe”, pinggiring tratak dipun rengga janur kuning kapasang melengkung.
  2. Tetuwuhan, kapasang ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan punika saking pisang raja, cengkir gading, tebu wulung,pari lan cantel, ron kluwih, ron kroton lan ron ringin. Miturut gotheking ngakathah sedaya wau kapilih mengku pralampita, satunggaling p[angajab saking kang kagungan damel

Mendet Werdinipun miturut gotheking tiyang sepuh inggih punika

  1. Pisang raja” kapilih kang sepuh, wonten kalih tundhun” . kang werdinipun lambang pangajab ing tembe para putra kagungan watak/sipat kados raja ingkang berbudi bawa laksana, lan tansah dipun pitados tiyang kathah, sarta tansah mranani, kejawi saking punika mugi gesangipun lare kados dene pisang “rela pejah yen sampun wonten wohipun”
  2. “Pari wulu” kalih unting’ utawi cantel (salah satunggal) lambang sang pinanganten pinaringan kathah rejeki, boten kekirangan.
  3. Klapa ganding ‘kalih janjang’. Lambang ing tembe sang pinangantin saged migunani gesangipun, lan saged gesang wonten ing pundi papa, kados dene wit klapa punika
  4. Tebu wulung’ utawi tebu arjuna, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka tolak balak, nanging ugi dados lambang gemblenging manah (anteping kalbu) anggenipun kagungan kersa. Kejawi saking punika pangajabipun pengantin ing tembe gesang ipun sampun namung pados manisipun kemawon, sampun ngantos kados paribasan ingkang asringkepireng : “habis manis sepah dibuang”
  5. ‘Ron kluwih’,dados lambang ig tembe wingking gesangipun lare-lare ig madyaning masyarakat saged ‘linuwih’, sokur ginajar kkaluwihan ing samubarang raja brana lan pangkat.
  6. Ron ringin, dipun kajengaken dados lambang kulawarga murih ing tembe wingkig sageda ngayomi inggih kagem kulawarganipun sumrambah ing masyarakat sakiwa tengenipun.
  7. Ron kroton/puring, punika satunggaling tolak balak, mligi boten dipun ganggung gesangipun dening roh alus

Mila tarub satunggaling tanda anggenipun murwakani satunggaling kulawarga anggenipun kagungan kersa mantu. Dene janur kuning kang mlengkung dados lambang bilih lare putri putranipun bapak ( N) sampun wonten ingkang mengku

Sajen lan slametan Tarub

Gagrak Solo sak antawisipun:

  1. Sekul pulen
  2. Sekul gurih
  3. sekul asahan sak lawuhipun
  4. Jajan pasar
  5. ulam lembaran ( Jago pethak )
  6. jenang abrit pethak, jenang baro-baro
  7. pisang ayu lan suruh ayu
  8. abon-abon

Gagrak Yogja

  1. Sekul gurih utawi sekul kembuli
  2. ingkung pitik jagoan
  3. jajan pasar

Mekaten sawantawis ngrembag bab Tarub. Nuwun

Rinonce ing Ngayogyakarta, 1Juli 1980

dening R.Suwardanijaya

2 Comments

  1. kahono said,

    4 December 2009 at 12:52 pm

    wah sae sanget websiteipun pak…
    sak wanci2 kulo badeh tanglet saged mboten

  2. miya said,

    7 October 2010 at 7:35 am

    tolong carikan sesorah bab pasang tarub.


Leave a comment