Crita Lelakon

Crita Lelakon
Aja salah tampa
Nuwun sewu crita lelakon kang dak aturake iki, yaiku crita plenak-plenik urip dadi wong lanang (penulis) ditinggal sisihane. Nanging aja salah tampa!
Awit bisa uga ana sebutan tembung ditinggal sisihane kuwi karepe dudu ditinggal mati, utawa pegatan lhoo ! nanging ditinggal sisihane karepe penulis ditinggal lunga tilik ponakane kang sawentara dina ana Jakarta lan Bogor
Nalika wulan Mei th. 2010 yen ora kleru udakara tanggal 11 tekan 19 penulis klakon urip dhewekan tanpa rowang. Apa-apa kudu dhewe, klebu masak lan ngumbahi, semana ditinggal sisihane ngeterake kamase ana Jakarta.lan ana Bogor, saperlu tilik putu-putune. Awit critane wiwit putra-putrane padha oleh gaweyan ana Jakarta lan ana Bogor, nganti saiki padha duwe papan, alias bisa tuku omah lan duwe kendaraan jeneng bapakne kuwi durung tau niliki, utawa ngaruhake.
Sanadyan saben tahune, putra-putrane mesthi padha bali ana Yogja. Lan mesthi ora lali padha ngelengake mampir ana omahku, yaiku kepernak bapakne Cilik.
Pancen putrane nate ana kang kewektu kandha karo aku: “Piye ya Om ( yen ngundang penulis) Bapak kuwi kebangeten, wong wis pirang-pirang tahun aku ana Jakarta durung tau tiliki lho Om?”
Semana wangsulanku sembrana :” hus kaya kaya ngono karo wong tuwa ora ilok ! Kowe durung tau dadi tuwa, awit olehe bapakmu ora geem tilik kuwi duwe tetimbangan warna-warna, kejaba Jakarta lan Bogor kuwi adoh, banjur mbok kon mara dhewe ana Jakarta…. Apa kowe ora mesakake …. Lha teneh mengko malah ilang, mengko yen ilang tenan kowe malah bingung ”
Sambunge: “Haiya ora ta Om, wong yen gelem kuwi saiki ana Trevel kang bisa tekan nggone Om!”
Sajake olehe dha sembrana mau ditampa jero karo bapakne, buktine banjur tumuse krenteke arep kepengin menyang Jakarta. Nanging bingung awit sisihane kuwi wis lara-larane, gampange sisihan kena diarani waras ya ora, awit janji kepengkok bab kang ora cocok banjur ora bisa mlaku. Gampange wis ora trengginas kaya tahun-tahun kapungkur. Dene yen ibune mono nalika isih pengkuh ijlak-ijlik ana Jakarta lan Bogor. Mung bapakne kang durung nate mara sepisan-pisana..
Mula semana banjur ngajak adine wedok yaiku sisihanku, awit petunge sisihanku isih trengginas, dhasar sisihanku seneng yen diajak lelungan, kang kaya-kaya ora mikir yen dheweke duwe bojo. Batinku wong sing ngajak Kamase dhewe, dadi arep nyahak ora enak, semana uga ditekerake anakne lanang. Gampange mangkat saka Jogya wong telu
Pancen ora tak selaki putra-putrane kamase kuwi yen karo bu Like wis kaya karo wong tuwane dhewe awit sesambungane cedhak. Saka panalarku bisa dak rasakake kaya ngapa kapange putra marang bapa-biyunge. Olehe kepengin pamer ana Jakarta bisa urip moncer. Bisa tetuku omah lan kendaraan anyar. Kang kabeh kagawa saka olehe duwe rumangsa bisa ndeduwe ora liya saka dongane wong tuwane
Pancen yen dak aturake putra-putrane kamase sisihanku kuwi yen karo penulis, katon padha nggatekake kepara katon padha nggatekake banget, penganggepe wis wong tuwane dhewe. Bisa uga kagawa olehe padha eling duk semana cilik-cilikane apa maneh nalika padha dadi manten, awit kena diarani bot repot duwe gawe mantu bu Like kang cawe-cawe melu mikir lan ngiguhake, wiwit dilamar tekan tempuking gawe, semono uga karo penulis kang semana melu mandegani. Haiya bejane bocah awit Bu Lik pancen pinter maesi maten. Kepara pilih tanding yen mung karo perias-perias Ngayogyakata wae . Pancen mula sapa wae nandur kabecikan kang tumuse bisa subur bakal ngundhuh wohe, mula aku sakulawarga hamung bisa memuji sokur ing ngarsa Dalem Pangeran isih bisa meruhi ponakan-ponakane padha dadi uwong.
Sigeg Kocapa sabudale sisihanku mangkat ana Jakarta karo kamas, wengi pancen krasa nglangut, apa maneh yen ngancik lingsir wengi. Nanging nalika telung dinanan ora ana bal-balan pikiranku wiwit lingsir sore nglambrang tekan ngendi-endi, mula bengi iku ealah malah ngimpi kang nyleneh, kaya-kaya aku ndeleng ketoprak ana sawijining desa kok lungguhku kaya-kaya dijejeri sawijining wanita setengah umur, pancen dheweke ora ayu, mung entuk kulite ireng manis, lan eseme kang nengsemake, tembunge gapyak. Semana aku ngeling-eling sak tleraman kaya tanggaku biyen, kang udakara 10 th uripe dheweke, alias wis rqandha lan kaya-kaya ngeteri wedang kopi kang dadi kesenenganku. Nanging bareng wedang mau tak tampa lan tak sruput panas banget, tumuse aku dadi gragap tangi kang ana sandiningku mung bantalan lan guling.
Lhokok udakara jam 10 esuk ana tamu loro yaiku ibu-ibu, dene ibu loro mau busanane kontras klambine krem roke ngisor ireng. Katon luwes marak ati. Batinku tumusing mripat arepa wis tuwa ning yen weruh barang kang endah, tetep isih duwe rasa kepranan.
Dene cekaking rembug tamu mau duwe rembug,yaiku arep jaluk tulung olehe arep duwe gawe mantu besuk sasi Desember tahun iki. Lan penjaluke nganggo upacara tradisi adapt sing wutuh yaiku siraman lan upacara panggih … komplit. Dene upara siraman jaluk nganggo mocapatan kang kang diweruh nalika aku mandegani ana tatlak Nandan 6 sasi kepungkur.
Semana tak blakani yen sisihanku lagi lunga, mula durung bisa mutusake isa lan orane, awit yen bab kangsen kaya ngono mau rembuge karo sisihanku. Mula aku banjur matur:
“Nuwun sewu jih Bu, kula boten saged nyaosi wangsulan, awit ibunipun nembe kesak wonten Jakarta.”
Dheweke katon mlenggong, lan banjur takon: “Lajeng konduripun benjang punapa Ibu Mas ?” wangsulan wanita sing jine
Kagetku setengah mati dheweke nyebut karo aku Mas, mula semana banjur dak tanjihake jatine piyayi iku sapa kok katon kaya wis wanuh banget karo aku. Mula wangsulanku: “Benjang emben sampun dateng kok Bu, awit numung tuwi putu kaliyan kamasipun”
Dheweke kok olehe nanduki tambak gawe tratapan atiku: “Ora Mas, nandalem kuwi pangling apa piye karo aku ?”
Aku mlenggong wangsulan: “Mangke rumiyen ta, keng slira punika sinten, kok kados sampun ngertos kula ?”
“Bangsa 50-an tahun rak sliramu rak nate dolan bareng nalika ana apa pesiri Tegal kae, mosok kesupen ?”
“Lho yen ngono sliramu Iku Bu Har… yanti apa, piyayi Klaten ?” ngono sambungku takon
“Lha gene kelingan Mas, mulane …mau katon tidha-tidaha “
“Lha wis setengah abad ta, tur sliramu saiki tambah…!”
“Tambah apa Mas…. Tuwa ngono ta?”
”Ora mung tambah tuwa nanging malik ayu ha,ha,ha”
“Ah ora ngono Mas, lha yen sliramu popok nggantenge ora sudah lho !”
“Kosik yen ibu punika ugi saking Tegal ?” ngono pitakonku
“Bapak ki lucu, kula rumiyin muridipun bapak”
“Wella gek tahun pira…..?”
“Tahun 68 Pak !” Kula pun Yanti, sing nakal dewe !”
“Waduh lha wis okeh tahun, sapa kang kelingan” ngono olehku grenengan
Sawuse tamu mau padha budhal bali, aku isih legok-legok ana ngarep omah, ngungun bisa ketemu biyen kanca guru lan biyen murid, kang saiki wis padha tuwane. Merga wektu semana wis udakara jam jam 7 sore, mula aku banjur kluyur-kluyur golek bakmi. Bareng warek banjur maca majalah Jokolodhang.
Durung nganti 5 menut ana telpon saka Jakarta, yaiku sisihan kang ngaruhake piye kabare ngomah. Uga kandha yen dhahar mundut wae, ora susah masak dhewe. Awit dheweke, pancen sisihanku iku ngerti yen sore aku biasane masak dhewe, embuh supermi, lan gawe sega goring dhewe. Sabanjur dhewe takon yen suk Juni isa nang Jakarta
Sambungku:”ana pari gawe apa … Bu?”
Ngene pak tak critani, yen Gramedia kuwi golek nara sumber kanggo gawe buku bab Manten Yogya. Awit awake kuwi padha dianggep wis mati, mula bukune dhewe kang wus nate diterbitake arep dicetak maneh nanging bingung awit awake iku wis dikabarake mati”
Sambungku:”e,e ngono ta ?”
“Ora Pak, bisa ora sasi ngarep iki, awit kaya-kaya dhewe kesusuu Pak!”
Kocapa bareng sisihanku bali , banjur banjur ngulungake naskah saka Jakarta,koro kometar: “Yen wis diwaca supaya cepet menehi kabar ”
Sambungku:”hiay=hiya mengko tak wacane, ning terus kapan putusan?”
“Pokoke dijaluk cepet-cepet, ancer-ancer tgl 27 Juni iki kudu wis tekan Jakarta, bisa ora Pak?”
Kocapa nalika Minggu tgl 27 Juni jam 2 awan aku sida budal nganggo trevel, awit kudu nggawa maneka warna. Senin esuk aku tekan Jakarta slamet , dene kang dak jujug anak ponakanku. Sawise Aku adus, banjur dikon sarapan karo ponakanku, ora gantalan wektu mobil kang mentuk wis teka udakara jam 8 esuk.
Tekan Gramedia udakara jam 10.00 esuk, ing kana wis dipetukake dening sawijining wanita kang ngrembugi sisihanku nalika sisihanku nalika ana Jakarta sasi Mei kepungkur.banjur nyambut padha nyiapake apa kang dibutuhake kanga rep dipoto dening fotograpere Gramedia, semana nganti jam 2 awan. Semana aku banjur bali ana pndokan yaiku omahe ponakanku.
Bereng esuk aku karo sisihanku supaya demo kepiye maes maten corak putri, semana wiwit jam 7 esuk tekan jam 3 sore lagi rampung
Kocapa dina sabanjur aku supaya demo maesi maten model paes Ageng. Kang ora bakal lali yaiku nalika aku lagi ngampuhi manten, lagi setengahe-tengahe ngampuhi aku ambruk tiba krenkang, awak dadi lemes, sikil ora kuwat ngadeg, banjur ditulungi modele utawa manteni. Lan kanthi ngimpun kekuatan kang isi ana aku nerusake olehkju ngampuhi nganti rampung. Udakara jam 5 sore lagi bali tekan pondokan.
Ealah sore iku uga aku wis ora bisa tangi, mangka rencane bengi iku uga arep bali ana Yogya. Nanging padha dipenging ponakannku, kepara pobakan kang ana Bogor, ngebel supaya baline ditunda, sesuk, arep diundangkae ahli picet.
Tenan baliku wurung ora sida dina iku yaiku Kemis tgl 30 bengi, nanging ditunda tgl 1 Juli, nadadi gampange mundur sedina, Dina Kemis tgl 1, esuk umun-umun awak during puluh, isih lara banget yen kanggo tangim, nanging dak peksa, awit rasaku lelara kang dak sandang duru lelara ke umum, teges lara marga kkena ganggungan kang ora katon,
Kocapa bareng udakara jam 11 awan ponakanku teka karo bapak kanga arep mijeti. Nalika aku digrayang dheweke, rasaku ana bab kang aneh, nanging aku meneng wae ora crita sapa-sapa. nangiing pake tukang pijet mau banjur komentare “Niki namung kekeselan mawon Pak, mangke rak mari” ngono kandane
Kocapa bubar dipijet awakku pilih sakala, mula aku banjur ;atihan mlaku-mlaku mrana-mrene. Karo ngobahake tangan, awit semana tangan sikil rasane kaku kabeh. Karo ngunandika: “Wella iki ulang tahunku jare malah lara kaya ngene .. gombal”
Ponakanku krungu olehku grenengan banjur takon karo anakku wadon kang uga ana melu nunggoni, : “Bener ta Bapakmu dina iki ulang tahun?”
Semana anakku mung manthu, lan banjur ngesun aku, karo kandha selamat ulang tahun ya Pak, semoga diparingi panjang umur. Lan banjur disambung ponakanku kang padha ngrubung aku wektu semana
Dene renca baliki yaiku Kamis tgl 1 Juli, tekan tengah wengi olehku ngenteni pethukan trevel. Lagi udakara jam 11 seprapat mbil kang dak tupangi ninggalake Jakarta kang kebak kenan-kenangan iku
Nanging nuwun sewu crita lelakon iki dak punggel semene disik, besuk liya wektu disambung maneh Nuwun

Minggi 11 Juli 2010
karipta Suwardanijaya

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: