Geguritan

DAFTAR KUMPULAN GURIT TAHUN  2006

DENING:  R.SUWARDANIDJAJA

  1. Apa Gamaning Urip
  2. Apa kang Den Antu-antu
  3. Apa Ora Kulak Warta Adol Krungu
  4. Badharing Lelakon
  5. Candraning Karep
  6. Dadya Warta panglipur
  7. DONGA PAMUJI
  8. Dongane Penggurit
  9. ELINGA
  10. Gumantung Tanpa Canthelan
  11. Gumregah Hardaning Jaja
  12. Jujur Kinarya Busananing Urip
  13. Jejering Ibu Bentenging Budaya
  14. Kebang Mawar Biru
  15. Kembang Tanpa Aran
  16. Keploke Ati loro dadi siji
  17. Kembanging Donya
  18. Kumbuling  Budaya Bangsa
  19. Laras Reseping Rasa

Geguritan  1

APA GAMANING URIP

Kadya sendaren kapupuh maruta

Sambate wanodya ayu tanpa daya

Kapurba ragane tan bisa suwala

Nandhang lara wis limang warsa

Binayang-bayang kadya kunarpa

Pindhaning wong mati sajroning urip

Ragane wis kari balung karo kulit

Uripe kagubel meneka warna sesakit

Eseme kang manis, kari memelas asih

Pancen yen eling purwa duk sina

Slirane pancen dadi kembanging lathi

Dasar sulistya ing warni tur marah ati

Semana sapa kuat nampa eseming lathi

Durung liriking netra kang gemeske ati

Nanging ora eling wong nggendhong lali

Yen jejering urip bakal gilir gumanti

Ora eling urip ana kang hanguripi

Andekna semana sliramu ora kaya-kayaa !

Woong urip lelemeran kok bisa bungah !

Pancen sapa ta wonge ora ngerti sira

Aku percaya yen sliramu pancen sulistya !

Eman sliramu ora ngerti jejering kaendahan

Awit kaendahan iku pepaesing donya

Kang  dununge mung ana pancadriya

Kabul wekasane gampang sirna

Sumedhot rasaning atiku weruh sliramu

Sedihku tekan telenging atiku

Geneya sliramu kudu nampa lelakon iku

Panggraitaku apa iki jarwane ngunduh pakerti ?

Tumusing pamuji sliramu enggal entuk dalan padang

kabuka  atimu terus eling marang Pangeran

Bisa ngrumangsani dadi wong dosa

Sanadyan  uripe saiki tan bisa suwala

Bisa nampa dadi pacobaniira

Kinarya  laku sira suwita Pangeran

Slasa Paing 21 Maret 2006.

Geguritan 2

APA KANG DEN ANTU-ANTU

( SANDI ASMA)

R – inumpa ujare para winasis

O – bah musiking jaman kawuri

B – ebasan nggoleki susuhing angin

E – nggenira angantu-antu jejeging Adil

R – inasa tekaning jamaning edan yekti

T – umanduk tan jumbuh kersaning Hyang Widi

U – rip tan wurung angel tekaning mukti

S – inongsong tan padha ngudi luhuring budi

S – anadyan kadya ngenteni sileming prahu gabus

U – siking ati nggegeki ujaring wuwus

W- ahyuning praja bakal tuwus

A – rsa mbirat dur angkara budi candala

R – awe-rawe rantas, malang-malang putung

D – hatan tindha-tindha arsa mbrastha

A – gawe rusak tatananing nagara

N – andyan ratu gung binathara

I  – ng kawuri tan kedunungan wahyuning praja

D – hatan ora bakal sirna lebur tanpa dadi

J  – er makarti tan laras kersaning Hyang Widi

A – mung bakal dadi endhog pengamun-amun

J  – ejer lan lungguhe bakal gawe ontran-ontran

A – gung panguwasane eman nistha pakertine

S – inongsong pratandaning jaman

A – murwakani jumeduling Sang Cinandra

M – ahanani gegering pra candala

B – ubar mawut salang tunjang

A – rsa sambat kadya bayi takon bapa

T – ekan garising pepesthining kodrat

I –  ng kono bakal krungu keroting untu

N – angis angrintih anggenya asru sesambat

G – eger murwakani rawuhe Sang Cinandra

W – ohing dedamen dadi pratanda nyekti

A – karya  jejeging adiling pra sujanmi

N – atas kawuryan jumeneng Ratu adil

G – inawa makartining Sang Hyang Widi

I – ng kono bakal tekan rejaning  jaman iki

Geguritan 3

APA ORA KULAK WARTA ADOL RUNGU

Sewidah siji tahun kelakon padha merdika

Ngendi papan kemlebet gendera gula kelapa

Abang lan putih gendera mengku sasmita

Pralampitaning bangsa kang dedasar pancasila

Abang kinarya pralampita gumregeting rasa

Wani mbelani jejeging adil para marta

Putih kinarya sifat satriya kang ambeg darma

Geneya saiki isih padha surak-surak merdika

Apa mengku karep saiki durung merdika ?

Apa ora  bisa yurasa dasaring negara pancasila ?

Pancen saiki padha pinter ndonga

Emanane kok cengkah karo kasunyatan

Apa  ora padha kulak warta adol rungu

Apa pencen wis padha kepaten rasa

Negara dianggo topeng golek utangan

Ora eling rakyate isih padha pringisan

Korupsi dha dioglengake dadi budaya

Ealah mbok coba, kae padha telengna

Pracempa gawe raja pati nguras raja brana

Tekaning saiki uripe isih ana tenda-tenda

Sokur yen eling jaman perjuangan

Jiwa raga dadi korban tebusane kamardikan

Dhatan kawula cilik dadi tumbal kamardikan

Pancen yen maca pratandaning jaman

Majuning  jaman mesthi nggawa kurban

Tlonjonge tekan padha lali paugeran

Terus kapan bakal tekan rejaning jaman

Tambah dina, sasi lan tahun ora ana bedane

Yen ana pawarta isine mung ontran-ontran

jenenge gunung jeblug lindhu lan banjir bandhang,

Mula estining ati tekaning panyakrabawa

Kaya kang wineca bakal kumbuling nagara

Yen ana sujanma bisa ngrabasa kautaman,

Kinanthi pusaka asih tresna, padha sih sinisihan

Ingkono tekaning jaman merdika kang sanyata

Yogya 16 Agustus 2006

Geguritan 4

BADHARING LELAKON

Tekan wengi aku ngenam-enam rasa

Nampa lelakon urip kang tanpa kinira

Tandhes tekan telenging ati kadya kaejur-ejura

Nanging esthining ati percaya Kang Maha Tresna

Dhatan rila yen kawulane nemu rubeda

Coba Bocah kang ndak dama-dama

Bali saka paran ragane pucet dhatan suwala

Binayang-bayang kadya kunarpa

Bareng bisa eling sambate nggege mangsa

Bapak,… Ibu …. aku paringana pangapura

Yen nampa pangrintihe sapa ora melu lara ?

Setengahing ngudarasa mecaki lelakon

Katungka tekaning manungsa murang tata

Cumantaka  tembunge kadya Nabi

Pambege ngerti kang bakal dumadi

Tembunge binesut basa arsa ngrimuk ati

Ladakke kaya bisa mbedhah-mbedhahna bumi

Apa ora ngerti wong keladuk tuwuhe ngisinake

Pancen wong kang ilang rasa kamanungsane

Dhatan wurung manungsa tanpa aji arane

Kepara luwih aji daginging sapi wae

Elinga Sapa gawe nganggo, Sapa nandhur ngunduh,

Asoring manungsa yen doyan mangan manungsa liya

Pancen manungsa iku kalahe yen dipangku

Luhur budine wong bisa nresnani musuh

Awit dayane tresna bisa dadi pusaka

Mula sirnaning piala tekaning budi candala

Yen kataman pusaka ajining diri

Makartine  yen padha suka rebut kalah

bebasane bisa menang tanpa ngasorake

Mula puji sokur lan rumangsa begja

Bocahku ora kelangan makutha

Nadyan barang-barange kudu dimangsa

Kadya  badharing lelakon duk semana

Mula sesanthine  penggurit Rahayu, rahayu, rahayu

Anggara kasih,  1 Agustus  2006

Geguritan 5

CANDRANING  KAREP

Nadyan panasing kadya gisiking samodra

Sirepe kagawa kumpuling paguyuban

Paguyubaning pinisepuh suka cecala

Mahanani gumreget yen kagungan karsa

Tumanduk ora eling ngunduri tuwa

Kepenginira nututi playuning jaman

Iku jatine trubusing karep

Kang tekane ora kanyana-nyana

Pindhaning tetepungan banjur kapang

Tlonjonging banjur ora petung

Mahanani padha nemu sedulur

Nanging, aja nggege mangsa

Elinga, jejer ira wis ngunduri tuwa

Mula jejering karep

Tekane ora petung tembe mburi

Gegayuhne ngedhap-edhapi

Sanandyan klakone ora bisa nyembadani

Apa jatine tekamu ora salah mangsa ?

Apa arep dadi Tunggak kang semi ?

Graita rasa nadyan wis ngunduri tuwa

Karep-ira tetandur bisa nemu sedulur

Tekaning karep pengin ngrengkuh

Sokur si-karep bisa dadi panglipur

Dadya srana tetinggal tumrap kabudayan

Nanging cunduk apa orane para sutresna

Entenana tekaku ing tahun baru besuk

sokur jumbuhing karep dadi kasunyatan

paguyuban kang tresna mring geguritan

makarti dadi Tunggak Semi kang sesilih

wadhah papaning padha andon rasa

ngleluri kumbuling budaya Jawa

esthining ati memayu hayung praja

Tunggak Semi kang cinandra

Selasa Wage, 28 Nov  2006

Geguritan  6

Dadiya Warta Panglipur

Dina Sabtu 27 Mei 2006 tekaning gagrak rina

Ing Bang wetan langite padang awek pratanda

Wong-wong padesan padha wiwit ngupa buga

Tan petung dununging kangelan

Linakoni adus krenget dadi padatan

Nanging sapa ngerti kersaning Pangeran

Padesan kang dadi pralambang kabudayan

Kang guyub rukun, adem ayem padha memitran

Malik sakala geger mawut salang tunjang

Gegering marga katrajang kurdaning alam

Tekaning lindhu gedhe kang ora ngupakati

Ora nganti menitan omah-omah malik rata bumi

Kasarup dumeling tangis ngelam-lami ati

Sambate padha kelangan kang ditresnani

Bareng kahanan mendha wiwit rada lerem kahane

Padha lelungguhan ngudhar gagas nata angen-angene

Tuwuh telenging rasa bisa nyawang kiwa tengene

Nadyan kadya jinuwing-juwing atine

Awit kudu kelangan tan kinira gedhene

Isih rinasa beja tan kinira, isih slamet uripe

Nadyan kudu adus kringet nampa kedadeyane

Tan kocapa duk semana sadalan-dalan kebak tetumpakan

Siaga ngawekani padatan tekaning lindhu susulan

Ngancik jam wolu awan, kahanan tambah ora karuwan

Tambah pawarta kang nambahi  gawe penasaran

Aloke  pawarta padha sesurak ana sunani, sunani !

Kahanan dadi salang tunjang mbujung slamet dhewe

Mahanani dha tabrakan nambahi kasangsaran

Bareng Radio Sinora lan RRI Ngayogyakarta

Wiwit nggelar pawarta sambung rasa

Ambal warta aweh kabar kang kena dipercaya

kasusul pawarta Saka  Badan Metrologi Giofisika Ngayogja

Pranyata gawe lega tentreming rasa kawula

Nadyan rasa tomtomen tetep isih nggubel nala

Aturku, mligine para reporter radio kang wus gedhe jasane

Pawartane nyata dadi panglipur lan tentreming kawula

Mula ayo padha muji sokur, aja keladuk pinter ira anggresula

Nanging bisa padha pasrah lan neges kersaning Allah

Bisa padha eling yen aku kabeh iki kagungane Allah

Geguritan  7

DONGA PAMUJI

Dhuh Pangeran pangungsen kawula

Penapa werdining prahara kang matumpa-tumpa

banjir bandang, tanah longsor saha pracempa

ngregem damel morat-mariting kawula

katungka laharing Gunung Merapi tan kemba

kathah cacahing raja kaya, raja brana sirna

Dereng kurbaning nyawa kang magila-gila

Dhuh Gusti Pangeran Allah ngagesang

Estining manah sageda nampi pacobaning gesang

Jejering prahara ingkang ngedap-edapi punika

Kawula pitados sedaya dados pralampita

Pratanda rawuhing Sang Pamarta

Ginedhong ing pemakaman

Dhuh Gusti sesembahaning para kawula

Sumangga kersa ambuka manah kawula

Sageda nampi Sang Juru Slameting donya

Ingkang arsa mbengkas para candala

Kersa dados tetebusaning tyang dosa

Saha nggadheng kang nadhang papa cintraka

Pramila Dhuh Gusti kakencengna manah kawula

Kasantosakna kapitadosan kawula

Amrih kawula mboten namung kalut dukita

Nanging tumuli sami manunggal saeka praya

Gumregah  Cacut tali wanda ambangun karsa

Enggal  pulihing karayon kawula sedaya

Dhuh Gusti pangungsen kawula sedaya

Sumangga midangetna panyuwun kawula

Amrih sedaya saged kagem kaluhuran Dalem Pangeran

Ingkang  hamengku gesang, wiwit purwa madya wasana

Sinongsong rawuh Dalem Pangeran Kawula

Saged damel Rahayu widodo nir ing sambe kala

Anggara Kasih 19 Desember 2006

Geguritan  8

DONGANE PENGGURIT

Dhuh Pangeran pangungsen kawula

Penapa werdinipun prahara kang matumpa-tumpa ?

Ngantos dumadi banjir bandang, tanah longsor

lindhu gedhe ingkang ngregem para kawula

katungka laharing Gunung Merapi datan kendat

ingkang maewu-ewu dumadinipun kurban

semanten ugi cacahing raja kaya, raja brana sirna

Dereng griya-griya ingkang sami rata ing bantala

Dhuh Gusti pangeran Allah kawula

Estining manah sageda nampi pacobening gesang

Jejering prahara ingkang ngedap-edapi punika

dadosa pralampitaning kawula sami manunggal

nggegeki jejering citra Dalem Pangeran

ingkang kapurba gesang saget anggesangi

Dhuh Gusti sesembahaning para kawula

Sumangga kersa ambuka manah kawula

Sageda nampi pawartos sasmitaning prahara

kawula pitados sempeyan Dalem boten bade tega

para kawula sami nadhang papa cintraka

Pramila Dhuh Gusti kakencengna manah kawula

Kasantosakna kapitadosan kawula

Amrih kawula mboten namung kalut dukita

Nanging tumuli sami manunggal saeka praya

Gumregah  Cacut tali wanda ambangun desa

Tuwuhing rahaja, pulihing karayon kawula sedaya

Dhuh Gusti pangungsen kawula sedaya

Sumangga midangetna panyuwun kawula

Amrih sedaya saged kagem kaluhuran Dalem Pangeran

Ingkang  hamengku gesang, wiwit purwa madya wasana

Sinongsong ing berkah Dalem Pangeran Allah Kawula

Kanthi asesanti; Rahayu widodo nir ing sambe kala.

Anggara kasih 27 Juni 2006.

Geguritan  9

ELINGA

Elinga wanita pinurba tetungguling donya

Gelaring titah kapurba bisa wani – nata

Kridane bisa gawe abang putihe donya

Awit wanita sinangling dayaning rasa

Tuwuhe urip ngudi guyub rukun andum tresna

Pindhaning rel sepur tansah sesandhingan

Sinangga bareng netepi darmaning titah

Elingan warandha nglungguhi jejering wanita

Kudu nggegegi netepi jejering wanita tama

Rinengga urip pinurba mustikaning donya

Sinuba kinarya pusaka ngregem dukita

Tan prayoga sambat tetangisan adol tresna

Elinga purwa madya wusaning urip ira

Kadya duk dumadi kinandhut ing guwa garba

Tekaning  lahir wujud slira nglenggana

Kang wusanane bakal bali, tanpa kanca

Sirnaning wujud kuwasaning kang Wisesa

Elinga tekaning urip sejati, sejating urip

Sira bakal tanpa garwa, tanpa putra

Ora ana enom lan ora ana tuwa

Ora ana padang lan ora ana petenging hawa

Ora bakal ngelak lan ora bakal luwe

Sanadyan ora dahar dhatan ngombe

Elinga warandha kadya mengku samudana

Pralampitaning Wanodya gentur ing tapa

kapurba bisa dadi lantaran laku utama

Ngemban jejibahan amrih luhuring kawula

Sanadyan pindhaning randha ndhadhapan

Turune titah pidak pejarakan pisan

Sinuba gedhe darmaning wanita

Elinga  yen urip bisa manunggalke rasa

Nggegulang  jumbuhing jatining rasa

Rasa kang dadi lungguhing rasa sejati

Lumintu makarti bisa mulating salira

Tumanduk asih tresna laras reseping rasa

Slasa Paing 04 Juli  2006.

Geguritan  10

Gumantung Tanpa Canthelan

Kadya sendaren kapupuh maruta

Sambate wanodya ayu tanpa daya

Kapurba ragane tan bisa suwala

Nandhang lara wis limang warsa

Binayang-bayang kadya kunarpa

Pindhaning wong mati sajroning urip

Ragane wis kari balung karo kulit

Uripe kagubel meneka warna sesakit

Usadane direwangi tekan buntasing bumi

Nanging seprene durung ana kang bisa ngusadani

Eseme kang manis, kari memelas asih

Pancen yen eling purwa duk sina

Slirane dadi kembanging lathi

Dasar sulistya ing warni tur marah ati

Semana sapa kang kuat nampa eseming lathi

Durung liriking netra kang gemeske ati

Nanging uripe lali yen bakal gilir gumanti

Pancen okeh wong nggendhong lali

Tundhone urip kadya gumantung tanpa canthelan

Ora kaya-kayaa nalika lagi begja

Ora eling urip ana kang kuwasa

Bareng tekaning rubeda bingung sabat sapa ?

Mula urip aja gegedhen rumangsa

Aja sok kumengsung rumangsa bisa

Nanging bisaa rumangsa

Mula edahing slira  sejatine mung pepaesing donya

Yen rinasa dununge hamung ana pancadriya

Kang kabul wekasane gampang musna

Balik endahing rasa, jatining urip sampurna

Mula yen padha binuka urip kari nampa

Dununge rasa rumangsa jatine gaman ira

Tibaning laku dadi muzijating Hyang Ana

Hiya hananing seger waras sinungcoba

Mula lara lapa kudu tinampa laku manembah

Jaya-jaya wijayanti lebur dening pangastuti

Slasa Wage 28 Maret 2006

Geguritan  11

Gumregah Hardaning Jaja

Sapa wonge ora sedhih lan nlangsa,

Katerak lindhu gedhe kang dadi prahara

Nanging yen rinasa tekan teling ati,

Isih beja bisa nyawang edi penining donya

Awit yen kabeh mau arep dikersakake,

Awake dhewe iki arep ngapa ?

Arepa Gedhongana kuncenana,

Yen wis dikersakake, tan bisa suwala

Ora petung menitan bakal lebur tanpa dadi

Mula yen padha eling jejering manungsa

Manungsa iku jejer lungguhing  apa ?

Pindhaning pasir kang tanpa aji

Yen eling manuk bisa ngoceh sesendhonan

Kadya puji sokur, nadyan uripe saparan-paran

Geneya sira padha nggresula sesambat ?

Nyerpepeh tetangisan adol welas ?

Apa ora prayoga gumregah hardaning ati

Gumreged cacut tali wanda, madeg senopati

mbangun desa, saiyeg saeka kapti

Aja mung ongkang-ongkang sila tumpang

Tekane mung jagake batuan

Mula, rungokna esthining penggurit

Bantuan iku tundhone bisa ngracuni

Racun mekaring kabudayan kang wus kawuri

Tundhone bakal  nandur rasa meri

Uripe kebak ing petung, lali jatining diri

Mula den ati-ati aja pegat ing kaprayitnan

Becik, padha manunggal karsa ndadani desa

Kanthi sesanthi “Sepi ing pamrih, rame ing gawe”

Paribasan sapa eling lan waspada bakal nemu mulya

Awit lahiring manungsa tan nggegawa apa-apa

Mula ora perlu nggetune bandha

Bandha bisa digoleki, nanging nyawa ?

Dipadha eling, bandha iku kinarya titipan

Yen dikersake kang duwe, Sira arep piye ?

Mula yen eling urip ora mung dhewe, kabeh padha

Mula prayoga manunggal rasa,  gumregah hardaning jaja,

Niat arsa nata urip, mbangun Desa mrih raharja

Dipercaya Ngayogyakarta bakal dadi kutha kuncara

Selasa  13 Juni  2006

Geguritan 12

Jujur Kinarya Busananing Urip

Raras lamun geguritan bisa mengku pepeling

Pepeling ira mring para luhuring budi

Paring piweling tumraping para abdi

Sapa sejatine jejering kawula punika

Jejer kinarya pralampitaning palwa

Cinitra alit dhatan prakosa

Katempuh prahara dhatan bisa suwala

Rinasa linambaran ati wening

Ginawa tuwuhing rasa eling

Ngerti yektine jejering sujalmi

Kang kinarya jatining sasmita adi

Kang ngrasuk busana kinarya sujalmi

Pengejawantahing Jujur tuwuhing urip suci

Ing kono jujur kinarya srana nunggal Gusti

Mula makartining jujur, jatining titah luhur

Cinakrabawa kasinungan Hyang Maha Luhur

Dedununge sujanma kang bebudene luhur

Prabaning  bisa ngregem pancasaning laku

Tekaning ngerti darmaning rasa kautaman

Sumrambah padha gandrung andum tresna

Mula sapa kepengin urip begja mulya

Ingkono Jujur kang kinarya pusaka

Pancen urip gampang angel yen cinandra

Kaya tumanduking  jujur ing pepadha

Rinasa gampang tinimbang jujuring rasa

Awit jejering rasa mengkoni tumanduik ira

Tuwuhing dadi srana nguji sepira bektinira

Anggonira arsa suwita kang Maha Kuwasa

Mahanani tumanduking urip gelem nglenggana

Eling sepira lawase urip ing ngalam donya

Pamujine penggurit dipadha nemu raharja

Anggara Manis 22 Agusutus 2006.

Geguritan  13

Jejering Ibu Bentenging Budaya

Geneya jejering wanita sinebut ibu ?

Banjur apa  darunane ?

Bumi  pertiwi sisebut “Ibu pertiwi”

Kumandang tembang junjung sliramu

“Kulihat ibu pertiwi sedang bersusah hati”.

jenengira kumbul gawe mongkoke sapa wae

Saka tutur tembunge, patrape tansah den jaga

ora ninggal budaya , sesanthine dipadha asih tresna

Mula tentreming bangsa saka pakartining Ibu

Semono uga kumbuling negara sliramu

Awit ngluwihi prajurit andon perang

kaya nalika  sliramu arep babar putra

jiwa raga den pasrahke dadi bantene

nanging apa kabeh padha ngerti lan krasa ?

Oh, Ibu…. ibu

Sliramu  pancen gedhe lelabuhanmu

Rina kalawan wengi tansah jaga uripku

Tresnamu  luhur, amrih bejaku

Esemmu kang tansah nyocok jantungku

Dhadhamu kang nggawa katentremanku

Banjur kapan aku bisa mbales kebecikanmu ?

Oh Ibu…. ibu

Nanging geneya jenengira den rusak dhewe

awit sira tegel, tumindak lelamisan ?

Apa padha ora eling jejering Ibu kang luhur ?

Apa padha ora krasa iku ngrusak asmaning Ibu ?

Yen den upamake pepindhane kembang

Bakal megar ngresepake lan arum gandane

Endah candraning titah, reseping tumusing ati

Nganti  sikembang lali bakal rontok

Kang wusanane hamung dadi uwuh tanpa aji

Oh ibu….. ibu

Pancen jejering Ibu lucu

Bisa dadi panutan, benteng Budaya

nanging bisa dadi sumber memalaning bangsa

Mula rusaking  Budaya saka sliramu,

Nanging aku percaya kabeh iku gumantung sliramu

Anggoro Kasih, 23 Desember 2008

Geguritan  14

Kebang Mawar Biru

Kumleyanging rasa mecaki wengi

Kagawa obah musike ati

Gumunku ngrasake urip iki

Pindhaning palwa saumpami

Kabuncang angin tan kuwawi

Sambate tekan lungiting ati

Pancen dinulu urip pindaning sandiwara

Manut kandane bakul sinambi wara

jejering garwa sigaranig nyawa

Nanging ngapa malah dadi memala ?

Tuwuhing  peputra sapa ora bungah

Awit Putra kinarya brana tan kinira

Nanging yen tibane padha murang tata

Apa keluwarga ora dadi sumber brahala

Nanging gumelaring jagad  jatining semu

Kadya jejering kembang mawar biru

Tuwuh  kadya pepethaning  uripku

Bisa dadi sesawangan kang nentremke atiku

Nadyan tekaning asru ngreridu laku

Nanging bisa dadi tanda tuwuhing tresnaku

Kedaling lathi lilanana aku nyawang sliramu

Sanadyan hamung sakedheping nitraku

Pranyata Sliramu kang bisa nglipur atiku

Endahing slira  bisa ngelingake kang nyipta

Embuh endahing  esem, bisa gawe tentrem

Endahing busana, ngluhurake Pangeran

Awit kaendahan iku lenggahing Pangerana

Mula edahing mawar biru

Pindhaning pisungsunging mungguhing urip ira

Kang dadi srananing manunggaling rasa

Ing kono tuwuhe kabegjan jati

Anggara Kasih, 14 Maret  2006

Geguritan 15

Kembang Tanpa Aran

Dina iku ora kaya dina liyane

Wayahe ngancik lingsir sore

Ngetutake  sikil tumapak lakune

Aku bisa nyawang alam gumelare

Meruhi ijo royo-royo  tetandurane

Sesawangan endah ngelam-lami ati wae

Ing kadohan gunung merapi katon kukuse

Sapandurat nyawang kaedahan

Kaya-kaya keprungu dumelinging suwara

Lumantar endahing sesawangan

Aku weruh kumlawening Asta Dalem Pangeran

ngawe-awe kaya-kaya paring sasmita

kaendahan iku salam saka Pangeran

Legeging ati tan weruh purwa duk sina

ngarep sikilku meh kepidak dlamakan

kembang cilik warna kuning semu biru

thukul subur ana tengah-tengahe pasuketan

ora ana wong ngerti  araning kembang

mula ndak sebut  “Kembang Tanpa Aran”

Panggraitaku  iki mesthi saka Hyang Urip

Panjenengane kang paring urip

Hiya kang lenggah ing kembang iku

Nadyan wujude ‘Kembang Tanpa Aran”

Ginagas gedhene ora mingsra

Nanging tuwuhe ngrerindu atiku

Bisa ngelingake jejering uripku

Nanging geneya urip ana kang ora nrima

Kepara ngedir-dirake dupek bisa kuwasa

MBok elinga kembang tanpa aran

Bisa dadi sesawangan endah

Gawe  segering jiwa raga

Anggara Manis 24 Januari 2006

Geguritan  16

Keploke Ati loro dadi siji ?

Laras nglelimbang wong bebrayan

Nitik owah gingsiring jaman

Pranatan tekaning ora karu-karuwan

Tibaning nasib bisa sesongaran

Paugeran luhur kanggo dolanan

Dupeh diparingi kawenangan

Tlonjonge panguwasa kanggo garan

Pancen kahanan saiki akeh wong lali

Lali purwa madya wusananing dumadi

Pancen wis tinulis ing kitab Jitapsara adi

wong urip bakal ngundhuh wong pakerti

Mula ujaring pawarta kang den ugemi

Pancen wis sinerat kang kepengin luhur uripe

kudu gelem leladi andhap ngisor tumanduke

ngerti lan bisa nglungguhke pribadine

awit jejering slira pribadi mengkoni patrape

Cinadra kadya kinarya busana uripe

Mula slingkuh, lelemeran padatane kewan

Nadyan trahing ratu gung binathara  pisan

Jejering slingkuh lelemeran cengkah paugeran

Mula jejering jodho sipate wis manunggal ( nyawiji )

Yen klakon jodho ana loro cengkah kautaman

Awit dasaring jejodhoan iku katresnan

Mokal manungsa bisa mbagi katresnan

Awit katresnan sipate loro-lorone manunggal

Dununging katresna ana telenging rasa

Tebane nglimputi jagad cilik tekan jagad Raya

Dene dununge rasa anglimputi uriping sujalma

Yen bisa ngregem rasa tuwuhing urip beja

Tumanduk bisa ambuka ati mahanani jejodhohan

Prabaning jejodhohan mekaring asih katresnan

Mekaring tresna manunggaling jatining rasa

Awit cinandra ati loro keplok  dadi satunggal

Keplok nyawiji manunggal dhawuhing Pangeran

ingkono kinarya ibadad gawe luhuring bebojoan

Slasa Pon 12 Desember 2006.

Geguritan  17

Kembanging Donya

Nalika kumbuling jaman repolusi

Pangagenging nagari kena den ugemi

Kaya slirane Ibu kita Kartini

Kang wus kaloka luhuring budi

Pepinginane luhur jejering putri

Ora mung suka ngadi salira pribadi

nanging madeg  dadi mitra lan kanthi

amrih bisa mbangun mardikaning nagari

Bareng tekaning jaman reformasi

Para punggawaning nagri suka obral janji

Padatan uripe suka Demonstrasi

Gayane urip katon padha kemaki

Tundhone mung padha suka pradondi

Surake mono ngaku-aku dadi wakiling rakyat

Nanging ora ngrasake rakyat kang kesrakat

Ora weruh okeh rakyat padha mlarat !

Ora padha ngerti Wong cilik padha sekarat !

Yen eling Ibu Kartini, pandekaring bangsa

Lelabuhane kena tinulat jejering wanita

Pinurba mahanai jejer ajining wanita

ora kaya jaman saiki, ora ngerti tata krama

ora duwe isen, busana kaya wong wuda

mangan sadalan-dalan, kaya buta

gelem slingkuh ora eling tembe mburinira

Mula kang nggegegi jatining wanita

Kudu bisa nata lan wani ditata

Tumanduk prasaja, kena tinuladha

Tembungnya gawe tentreming rasa

Ayune sinengker mengku mengkoni sasmita

Kinarya pralampita panjalmaning Dewa

Ibu Kartini kadya pepethan kembanging donya

Selasa legi 19 April 2005

Geguritan  18

Kumbuling  Budaya Bangsa

Oalah, dadi uwong kuwi mbok aja pambegan

Ngono ya ngono, nanging aja ngono

Mbok padha eling urip ora bisa dhewe

Mbok nggagas bejaning urip saka sapa ?

Kaya yen mangan sega, tuwuhe pari saka sapa  ?

Apa sira padha nenandur pari dhewe ?

Apa  pancen padha seneng necep kringet wong liya ?

Lha akate kewan ngerti yen ditresnani bendara

Nadyan rinasa durung mari jarem ing ati

Kelingan pangamuking lindhu kawuri

Wis kudu ngrasake wong padha korupsi

Kaya ngono kok kanggo lahan golek bathi

Nganti tegel karo wong cilik ongklak-angklik

Nasibe dipaeka, kanggo kudhung korupsi

Apa ora deleng sedulure kang  urip isih ana tendha kuwi

Tuwuh graita gawe ngunguning ati

Ana tamu agung teka ing Indonesia

Kok padha sujana,  kuwi ketemu pirang prekara

Mangka durung ngerti kenthang kimpule

Kepara menthang-methang kaya ngerti-ngertiya

Mangka pepunthone  melu prihatin nasibing kawula

Apa ora mikir linambaran ati kang wening ?

Mbok nepakake awake dhewe yen dadi tamu

Kaya  ngapa rasaning ati, apa ora kaya direrujit atine ?

Mula yen ngerti lungguhing budaya bangsa

Kang kondhang wiwt jaman semana

Dadi bangsa kang kawentar suka memitran

Mula prayoga padha suka mahargya

Kanthi esem manis lan patrap kang becik

Awit bakal dadi tanda  luhuring bangsa

Ing kono misuwure budaya Jawa saindhenging donya

Awit padha  sesanthi suka Memayu hayuning bawana

Slasa Pon 21 November 2006.

Geguritan  20

Laras Reseping Rasa

Pancen ora kaya jeneng tekaning mangsa

udan barat, banjir bandhang gawe mirising kawula

rungkate wit-witan gawe gegering kawula

Binarung panjeriting sujanma kang sesambat

Kadya sendaren kapupuh maruta

Sesambate wong marga kabuntel rasa

Dadi pratandaning jaman wis tuwa

Maneka warna lelakon mengku pralampita

Tuwuhe bayi padha takon bapa

okeh wanita kang dadi prawan tuwa

Pancen tekaning lahir, pati sapa kang ngerti

Mula dayane sujanma kang burus atine

Kang gelem jengkeng  dedonga pasrah uripe

Nengku jawata apa kang dadi darunane

Bakal binuka tuwuhing rasa eling, percaya lan mituhu

Jer eling mahanani dununge rasa ning

Percaya kang ndhedher kapitayaning rasa sejati

Mituhu  kinen laku nggegegi dhawuhing Gusti

Pancen urip tan pisah ananing begja lan cilaka

Tuwuhe  bisa kanggo ngregem dur angkara

Pindhaning urip gedhong ana kuncen nana

Yen wis dadi pepesthening kodrat

Manungsa  dhatan bisa suwala

Nanging manungsa kapurba bisa usada

Mbudidaya tumekaning dalan begja

Kinarya dalan, ambuka luguh dununge urip

Sinuba Urip kang bisa miji lan amijeni

Mula urip ora cukup sesambat

Nanging, urip kudu ginayuh jumbuhing rasa

Rinasa lungguhe urip lumintu mulat ing salira

Tumanduk bisa laras reseping rasa

Mahanani urip kebak ing palimirma

Pralampitaning urip ginayuh jumbuhing kang nyipta

Ing kono rinasa urip kadya ing swarga loka

S’lasa Paing 25 April 2006

2 Comments

  1. triyuniarto said,

    16 February 2010 at 12:04 pm

    Sae sanget menggah saget tambah pangertosan mliginipun dateng para2 muda kang dereng nati ngertos babakan menika.

  2. mustakim said,

    31 May 2010 at 4:37 am

    Luar biasa, nguri-uri kabudayan seperti ini, memang saat sekarang ini merupakan barang langka, so angkat topi untuk mr. suwardani, teruskan perjuangan p wardani …


Leave a comment