Werdining Tiyang Mantu

Yen kula ngrembag bab tiyang mantu lan lan ngundhuh manten, sanajan kula pitados sampun kathah ingkang sampun pana, ewa semanten kinten kula boten wonten awonipun sami dipun rembag awit punapa ingkang kula pireng lan kula sumerepi pranyata adat budaya ingkang papan satunggal lan setunggalipun boten sami, nanging kula pitados mengku werdi sami. Mila tumusing pitaken kula antawisipun:

  1. Kenging  menapa papan dalem sami dipun rengga maneka warni tetuwuhan ?
  2. Kenging punapa dipun adani  “slametan utawi kendurenan”
  3. Kenging menapa manten dipun paesi
  4. Kenging punapa wonten upacara-upara kados antawisipun:
    a. Pasang Tarub
    b. srah-srsh-srahan lan asok tukon
    c. Siraman
    d. Midodareni
    e. Ijab
    f. Panggih

Sambet kaliyan bab wau, amargi tiyang sami remen budaya, liripun budaya jawi punika damel luhuring citra Dalem PANGERAN, sumrambah dumateng kawula dasih. mila limrahipun lajeng sami kepengin ngleluri tetilaran utawi warisan para pini sepu,h ing mriki amargi luhuring warisan budaya Jawi ingkang adiluhung

Awit  saking kabeta mekaring budaya papan/daerah satunggal lan setunggalipun boten sami. Dene ing ngajeng kula matur bilih papan utawi griya sami dipun rengga-rengga, jatosipun kabeta saking naluri, kang tumusipun saking raos murih pantes lan prayogi nampi para tamu ingkang badhe rawuh, ugi wonten sambetipun kaliyan kapitadosan tiyang Jawi, inggih punika pangajabipun ingkang kagungan kersa. Dene umumipun pangajab wau boten saged kawiyos,  mila lajeng ngagem lambang-lambang ingkang mengku samudana, ingkang dipun wujudaken kados rerenggan damel tarub upaminipun

Dene Tarub satunggaling lambang punapa ingkang dados pangajabing kulawarga, ugi dados tandha pasang tolak balak, awit kapitadosan tiyang Jawi yen gadhah damel mantu, punika pranyata ribet lan karibetan. Kapitadosanipun tentu wonten girigodhanipun, inggih ingkang katingal lan boten katingal

Dene Tarub satunggaling pepethan kinarya srana. Pramila pasang tarub tegesipun angrengga papan ingkang badhe kagem pepanggihan, mligi ingkang badhe kagem mlebet tamu (regol), dene pangrengganipun mirunggan, awit papan sanes namung karengga janur kuning, dene ingkang wonten regol karengga maneka tetuwuhan

Manut gotheking pawarta utawi adat bilih tamu yen rawuh utawi mlebet kedah nglangkungi regol tarub. Liripun para tamu sami nganthi berkah ingkang dados srana lumunturing Wahyu Penganten

Mila nuwun sewu yen wonten tamu mlebetipun kedah nglangkungi tarub, pramila yen sanes margi punika boten prayogi, gampilipun boten ngertos adat utawa tata krami, mila kangge ngawekani kedadosan punika, regol lajeng dipun jagi kulawarga utawi para among tamu ingkang sampun kapatah kanthi busana adat Jawi (Busana Mataram jangkep)

Lajeng kenging punapa dipun adani “slametan” utawi kendurenan. Kinten kulakekajenganipun  sampun cetha dene kang wigatos murih anggenipun kagungan damel slamet, boten sami dipun girigodha. mila kanthinipun lajeng pasang tarub

Dene kenging menapa manten kedah dipun paesi ?

Kajawi kabeta saking padatan, uga amarti adat budaya ingkang sami dipun ugemi  warisan saking para pini sepuh. Dene pemanggih kula amargi dados manten kenging dipun wastani badhe nampi wahyuningPangeran, tegesipun badhe asal jodho utawi garwa. Awit nama jodho utawi garwa punika peparing Dalem Pangeran.

Mila wonten piwucal luhur “yen jodho punika ingkang  jodhodaken Allah piyambak. mila jodho punika boten wonten kalihipun alias namung satunggal.Mila manten / lare ingkang badhe nampi wahyu punika sampun katingal tandha-tandhanipun (tejanipun) ingkang lajeng dipun wujudi  manten dipun PAESI .

Dene maten dipun Paesi  punika kajengipun larapan lare punika dipun rengga gambar lambang wujudipun cahya cacah 3 (tuga) ingkang dipun sebat “penunggul, pengapit lan penitis” Dene yen manut kapitadosan Hindu rerenggan wau dipun sebat “Antepix” ( wujud segi tigajejer  3, kang tengah langkung inggil)  lambang utawi simbul punika kathah dipun agem tanda papan suci, kados  candi-candi lan Wihara. ingkang dados simbul TRI MURTI

Kejawi saking punika dados manten ugi dipun wastani dados ratu (raja sehari), margi  kabekta badhe dipun wisuda utawi dipun pahargya, mila lajeng dipun paesi lan busana manten ( busana manten sanes busana ratu)

Dene  nalika dipun paesi punika tegesipun dipun kerik, werdinipun kagem ngicali sesuker, liripun dados pratanda yen lare sampun suci, sampun siyaga mantep badhe nampi kekeran ingkang suci ( dados manten asal jodho)

makaten sawantawis bab padatan tiyang mantu

Ngayogyakarta, 17 Mei 2010

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: