PURWAKANING ATUR
Buku Tuntunan Mitoni punika sajatosipun namung kagem nyekapi kabetahan amrih ing adicara Mitoni mboten tumpang tindhih lan saget kelampahan kanthi rancak.
Dene ingkang dados cepengan pangripto tutunan pumila inggih warisan lesan saking para pini sempuh, lan punapa ingkang kula sumerepi, sesambetan kula ingkang sampun wantawis 50 tahunan lelumban lan leladi ing babagan tata busana rias penganten Gagrak Ngayogyakarta tuwin Solo
Pancen kula pitados bilih panjenengan sedaya sampun sami pana, Ananging tumraping para anem, pemanggih kula babagan tradisi adat Jawi mliginipun Mitoni tentunipun tasih mbetahaken seserepan langkung kathah
Dene buku Tuntunan Mitoni punika isinipun caos gambaran kados pundi punapa werdiipun lan kados urutan-urutanipun upacara mitoni ingkang laras kaliyan, adat ingkang mlampah saha dipun uri-uri wiwt jama kawuri
Nuwun
Ngayogyakarta, 01 juli 1990
Karonce; R.Suwardanidjaja
Sekar Pambuka LANGEN KUSUMA
Pelog Enem : (7-8 ) X 4 = 60
. . . . . . . . . . . . .
6 1 2 .1 2 3 . 1 1 . 1. 2 3 1.2.1 6.0
Pam – ba – gya ka – su – geng – an
. .
6 6.1 2 6 5.6.5 3 . 3 3 . 3 5..6.0
Ra – wuh – i – pun pa – ra ta- mu
2 3 5 . 6 . 2 2 . 2.1 2 3 1.2.1 6.0
Su – mram- bah pra su – tres – na
3 2.35.6.54 . 2.6.53 2.3.21 . 6.5 3 2 3.5..6 . 2.1 2 3 1.2.16.0
mba – bar ber – kah Da – lem Gus – ti
. . . . . . . . . . . . .
6 1 2 .1 2 3 . 1 1 . 1. 2 3 1.2.1 6.0
Da – mel bi – ngah klu – war – ga
6 6 6 6 6 5 3 5..6 . 2.1 2 3 1.2.1 6.0
La – ras do – nga lan pa – mu – ji
. . . . . . . . . . . .
6 1 2.123 3.2 1.3 2.1 6 5 . 1.653 2.3.21.0
Ngge- ni – ra ngan – tu an – tu
.
3 5 . 1 653 2 . . 2 3 1 . 1 2 1 6..0
la – hir – ing pu – tra ki – na – sih
Ompak-ompak
1. Riris arda ardane wong lumaksana
Dresing karsa memayu mrih dha raharja
Puja -puji memuji Hyang Maha Kwasa
Amemuji lahirnya tan na rubeda
2. Wohing jambu sak dhompol isine telu
Mesem ngguyu awit bakal mbopong putu
Wohing mindi sak dhompol isi siji
aja lali andedonga marang Gusti
Kinathi Gondomastuti
Pelog Enem
. . . . . .
2 3 2 1 / 3 2 6 5 / . 5 6 5 3 2 3 1
Tu – mus bu – ngah am – ba ma – tur
Pa – nga – jab kang den se – su – wun
Tan su – pe klu – war – ga ma – tur
___ ____
2 5 3 / . 2 1 2 1 /. . 1 2 / . 3 1 2 1 6
Ing ngar – sa pra ra – wuh sa – mi
Sa – ben ri – na te – kan we – ngi
du – ma – teng pra ra – wuh sa – mi
. . . . . .
2 3 2 1 / 3 2 6 5 / . 5 6 5 3 2 3 1
mu – ji so – kur mring Pa – nge – ran
mrih la – hir – e bi – sa la – car
ing – kang kas – du pa – ring do – nga
____ __ . . __. . . .
2 5 3 / . 2 1 2 1 / . . 1 2 / . 3 1 2 1 6
pi – ni – ta – dos mbo – bot yek – tii
tu – mus ga – we bu – ngah yek – ti
da – mel bi – ngah sa – klu – war – gi
___
7 5 7 6 / . . 5 4 / . 2 1 2 1
ing – kang jang – kep pi – tung wu – lan
la – ras da – di pa – min ta – mba
mi – la ra – wuh jeng- an – di – ka
__ ___ __ __
. . 3 5 / . 5 6 5 3 2 / . . 2 3 1 / . 1 2 1 6
Pa – nga – jab la hir ba – su – ki
La – hir da – tan ngu – ci wa – ni
Da – mel mong – kok ku – la sa – mi
Atur Cecala
Wigatosing rebag kenging sami ngadani upacara Mitoni :
1) Tiyang
2) kang ngandheg jangkep 7 wulan punika, titi wanci nglahiraken kagungan penggalih asring ajrih manahipun, menapa-menapa mboten keleresan, yen kagungan panyuwunan kedhah kelampah. Pramila kagem ngawekani sedaya wau tiyang Jawi lajeng ngawontenaken “wilujengan”
3) Tiyang ingkang ngandheg jangkep 7 wulan punika, wancinipun ponang jabang bayi kathah polah ipun, ingkang lajeng mahahani nboten mapan ing papan sanyatane, contonipun wonten kedadosan jabang bayi wau malang , ugi saged ndamel kirang sakeca tumraping sliranipun ingkang nembe ngandheg.
4) Miturut gotheking ngakathah wonten kedodosan ingkang nggumunaken. Gampilipun, sanadyan kapenggalih mokal. Awit nate kedadosan nalika jangkep 7 wulan bayi ing kandhegan saged musna … ical, mboten dingertosi dunungipun
5) Pemanggih kula tiyang ngandheg kedhah saged nampi kawicaksananing Pangeran, tegesipun rumaos bingah saha atur panuwun ing ngarsaning Pangeran, awit dipun pitados pinaringan momongan (nggadhuh). Pramila panyuwunipun ingkang dipun paringaken sampurna, tegesipun yen mijil priya mbok inggiha ingkang bagus lan pideksa, dene yen mijil wanita ingkang endah lan mranani, ingkang tumus ing tembe saged nyambet sejarahing lan kembanging kulawarga, sarta saged mikul dhuwur mendhem jero
Ananging dados pemut bilih tradisi adat setunggal daerah satungal lan satunggalipun mboten sami. kados gagrak Ngayojakarta. lan gagrak Solo. Sanadyan ingkang dados underaning prekawis tetep sami
Pramila pemanggih kula murih mboten tumpang suh. Lan campur bawur, kang tundhonipun ngicalaken maknanipun, kepara badhe ngrisak kabudayan ingkang adi luhung. Awit urutan upacara sampun mboten sami, menapa malih srananipun, kadosta sajen lan sanesipun.
Kanthi bab pniuka menggahing tiyang jawi lajeng damel sarana: “sugengan/ slamtean”, kepara lajeng lajeng roncen dados satunggaling upacara. Liripun sedaya pupnika kagem damel paseksen dumateng sedherek-sedherekipun utawi tangga tepalih, murih sami tumut cawe-cawe amrih saenipun dumateng calon bapa lan biyungipun wau.
Pemanggih sanes ngendikakaken mitoni punika pinangka mbangun pasederekan sakiwa tengenipun, murih suka paseksen. Liripun sampun ngantos wonten tiyang ingkang gadhah panggraita ingkang mboten sae. ingkang tundhonipun saged ndamel osiking manah, ingkang tundhonipun saget mahanani kawontenan keluarga wau ingkang boten sae utawi mboten tentrem.
Ing wusana punapa ingkang kula aturaken punika tentun tasih kathah kekiranganipun, mila kanthi andhap asor kersaa paring panyaruwe, paring wewarah, kanthi nglenggana kula matur nuwun sanget. Lan mboten kesupen kula namung saged caos atur panuwun.
I. PERANGANING ADICARA MITONI
Tataran sepisan: “Adicara Pambuka “
1. Pambuka Siraman (sambutan saking ingkang kagungan kersa, langkung prayogi yen dipun bukani ngagem Kidung/tembang macapat )
2. Sungkeman (nyuwun pengestu Rama-Ibunipun tuwin Eyangipun, langkung sae yen kairingi kekidungan/tembang macapat ).
3. Doa pambuka siraman ( Sembayang, Gema Illahi / yen perlu)
Tataran kaping kalih: “Adicara Siraman”
1. Adicara punika anggenipun ngadani mboten sami kaliyan siraman calon pengantin, ananging dipun sirami sareng kakung tuwin putri
2. Dene ingkang mbukani nyiram Ibunipun ( pihak kakung), lajeng Ibu mara sepuh, nembe ibu-ibu sanesipun, gunggung 7
3. Mecah kendi,katindakaken ingkang nyepuhi wekdal semanten
4. Nggirah sruwal/kathok nglebet, katindakaken calon biyungipun
Tataran kaping tiga: “Adicara Gantos Busana “
1. Ing adicara gantos busana punika rambah kaping pitu (7). Dene salebeting gantos busana sedaya ingkang rawuh kasuwun kersaa nyempuyung, krana saur manuk yen kadangu ingkang ngembani adicara wau, inggih punika nalika dipun adani gantos busana, wangsulanipun: “dereng pantes”, Nanging yen sampun gantos kaping pitu ngendika “sampun pantes”
2. Adicara Medot Janur, katindakaken dening calon bapa
3. Adicara Brojolan, tumindakipun rambah kaping 2, ingkang nampi calon eyang-eyangipun
4. Adicara dahar kembul, calon bapa lenggah jejer garwanipun, dene ingkang kakung ngladosi punapa ingkang dipun remeni garwanipun, lajeng dahar jenang procot sesarengan
Tataran kaping sekawan: Adicara Dodol Dhawet “
1. Adicara Mande Dawet, tumindakipun ing emper dalemipun. dene ingkang ngladosi calon eyangipun, kanthi arto kreweng
2. Adicara panutup
1. Bab Sajen-sajenipun
a) Sajen siraman : 1) Tumpeng robyong
2). Jajan pasar
3). Klasa bangka
4). Ayam jaler/jago
b) Sajen busana, 1) Jajan pasar
2.) Tumpeng robyong
3.) Tumpeng pitu
4.) Jenang abang
5.) Jenang putih
6.) Jenang plirit
7.) Jenang palang
8.) Jenang baro-baro
9.) Jenang procot
10)Sangga buwana ( itip goreng )
2. Pirantos sanesipun:
1) Cengkir gadhing 2 iji, dipun gambari Dewi Sembadra dan Raden Janaka utawi Dewi Kumaratih saha Dewa Kumajaya
2) Cowek, lan wijikan serta serbet = 2 Janur lan empu kunir.
3) Nyamping lan kemben, kathahipun pitu, motif ipun sumangga, ingkang baken sampun ngagem “motif parang”, prayoginipun jenis semen utawi ceplok, kang kedah wonten nyamping saha kemben lurik tenun, nyamping motif “lasem”, dene kemben motif “dringin”, sokur wonten tenun lurik “slarak kandang”. Prayogi sanget dipun terangaken werdinipun nyamping wau.
4) Unjukan Dawet lan kreweng (gatosing arta mundhut dawet)
6) Mori cacah ipun kalih (2), kagem busana Siraman
7) Slendang cacah ipun kalih (2),kagem upacara brojolan
8) Senik lan selendang, kagem mande dawet
9) Payung satunggal (1) , kagem upacara dodol dhawet
10) Lemek siraman saking ron-ronan: ron dhadhapsrep, ron koro, ron apa-apa, awar-awar, lan alang-alang.
11) Lemek gantos busana: klasa bangka lan banguntulak (5 warni )
12) Busana Mataram jangkep, kagem busana calon bapa
BAB TATA LAMPAHING ADICARA MITONI
A. Tataran sepisan: Adicara Siraman
1. Toya ingkang kaagem siraman kedah toya sumber / tuk, kapundut saking 7 (pitu) panggenan, Kenging punapa kedah mundut pitung panggenan, Ngendikanipun tiyang yen badhe reresik lan saged resik saestu kedah nyuwun tulung ing sanes, kejawi wonten ingkang ngendikaken bilih wicalan pitu (7) kapendet raosipun dados pitu-lungan, dados werdinipun nyuwun pitulungan dumateng tangga tepaliih ( perkawis bab punika kula sumanggakaken ). Dene Toya werdinipun; pinangka pralambang angenipun kagungan niat anucekaken putra ingkang kakandheg lan ingkang ngandheg , inggih kawastanan peningka sesuci,
2. Dene ingkang dipun sirami inggih punika; calon Bapa lan calon biyung, kanthi busana siraman, inggih punika ngagem nyamping mori pethak. Anggenipun lenggah sami jejer ( sisihan).
3. Lemek lenggah saking ron-ronan maneka warni kadosta: ron dadapsrep, ron kara, ron apa-apa, ron awar-awar, suket alang-alang, tuwin gelaran klasa bangka. Werdinipun pinangka srana murih tebih ing rubeda kalis nir ing sambe kala.
4. Ingkang sami nyirami sedaya Ibu-ibu kedah namung 7, kanthi tetimbangan saged dados tuladha sugengipun (dados mboten kedah eyangipun, utawi ingkang tasih jangkep. Pramila sanajan randha, yen mila saged dados tepa tuladha gesangipun punika langkung prayogi )
5. Tata cara nyirami: anggenipun ngguyur setunggal siwur saget ngguyur kalih-kalih ipun, mila kedah ngguyuripun kanthi cepet,. ingkang dipun kajengaken supados lahiring jabang bayi sageda gangsar/cepet kados ilining toya wau. Kathahing guyuran saget rambah kaping ; 3 utawi 5 ugi saget kaping 7.
6. “Siwur” ingkang pinangka cidhuk kagem ngguyur, kadamel saking kelapa wetah, dene perangan ngandap dipun bolongi.
7. Ingkang nyirami kantun piyambak, dipun sebat “muloni”; tumin-dakipun; maringi konyoh mancawarna kanthi waradin, saking pasuryan ngantos dumugi sukunipun. siraman kapungkasi ngagem toya kendi, kanthi urut-urutanipun; pasuryan, kagem kemu, lajeng talinga, lan asta, tuwin sukunipun (kados yen sesuci badhe sembayang/wudu), lajeng kendhi pratala wau dipun pecah/kabanting
Pemut: Anggenipun “muloni” sageda paring sembogo umpami: “ndak suwunke marang Pangeran ingkang murbeng dumadi, jabang bayi kang sira kandhut bisa lahir kanthi lancar, yen pria bagus lan pidegsa. dene yen wadon endah marak ati. mbesuk bisa gawe aruming keluarga, lan migunani tumra-ping agama munggahing nusa bangsa”, katindakaken saderengipun mecah kendhi. Semanten ugi nalika kendhi kabanting pangandika: “slamet-slamet-slamat – lancar”
Ngendikanipun para pini sepuh; yen samangke cucuking kendhi tasih wetah, jabang bayi lahiripun kakung.
8. Adicara salajengipun nggirah celana, kang nggirah sisihanipun. Ngendikanipun para pini sepuh, pinangka tanda anggenipun kagungan raos tresna asih saha bekti dateng kakungipun
B. Tataran kaping kalih : Adicara Gantos Busana
1. Adicara gantos busana, sajatosipun mengku wigatos bilih tiyang estri ingkang ngandheg/nggarbini sepisanan, kathah-lathahipun tentu kagungan panyuwunan ingkang maneka warna ( asring lucu-lucu). Pramila adicara gantos busana ingkang ngantos rambah kaping 7, sasmitanipun tiyang ingkang kagungan pepinginan ingkang neka-neka . lan kagungan roas mboten keleresan .
2. Padatan nalika nyamping lan kemben sampun dipun agem, ingkang mandegani mundut pirsa; “sampun pantes menapa dereng”, lajeng kasuwun sedaya sami paring wasulan “dereng pantes”, ngantos rambah ambal kaping enam. Dene gantos ingkang kaping pitu (ngagem lurik), pitakenan mau sami, nanging anggenipun mangsuli kedah ngendika; “Sampun pantes”.
Pinangka pemut; nyamping saha kemben sabibaripun kaagem lajeng kaplotrokaken mengandhap dhawah ing kiwa tengening suku, pinangka “susuh utawi kagem angrem”
3. Motong janur. Sarampun nipun gantos busana, lajeng kaparingan kendit saking janur. Pramila ingkang mandegani paring tanda kaliyan calon Bapa, kersaa enggal ngiris janur wau. Lan sabibar ngiris janur wau kanthi cepet mundur 3 langkah lanjeng mlajar. ngendikanipun paring sasmita ing mbenjang lahiring jabang bayi saget cepet kados plajaring Ramanipun wau
4. Brojolan. Tumindakipun brojolan rambah ambal kaping kalih; sepisan cengkir ingkang wonten gambaripun kabrojolaken lan katampi calon Eyang putri saking ingkang putri, kalajengken brojolan kaping kalih katampi Eyang putri saking kakung. Sasampunipun cengkir katampi para Eyang putri lajeng sami anglela-lela pindha anglela-lela putunipun estu, Tumuli kasarehaken ing pedaringan ingkang sampun kacawisaken ing lebet dalem .(proyogi anggenipun nglelo-lelo katembangaken)
Miturut gotheking tiyang kathah, bilih brojolan sepisan yen ingkang medal cengkir gambar R.Janaka, ing mbenjingipun badhe lahir jaler, dene yen gambaripun Dewi Sembadra ing samangke badhe lahir wanita.
5. Dahar kembul, caranipun inggih punika: Calon Bapa lenggah njejeri ingkang garwa (istri), dene ingkang garwa ngasta ajang cowek, ingkang kakung ngladosi menapa pamundutipun ingkang dipun remeni garwanipun dipun ladosi. Sasampunipun lajeng sami
dahar kembul sarengan, pungkasanipun dhahar, lajeng dahar “jenang procot
C. Tataran kaping tiga; Adicara Dodol Dawet
Adicara Dodol Dawet. katindakaken mapan ing emper griya/tritisan. Dene ingkang mande Eyang Putri lan Eyang Kakung Mayungi garwanipun. ( saking ingkang kagungan damel ). Eyang putri ngladosi para tamu anggenipun sami mundut dawet kanthi arti kreweng. Pramila para sederek ingkang sami rawuh kasuwun kersa sami rame-rame ngombyongi mundut dawet. Awit mande dawet pinangka werdinipun anggenipun kagungan pepinginan, sageda ing tembe putranipun ugi enggal dewasa lan pajeng
Pepenget mliginipun kagem calon Bapa lan Biyungipun
1. Ing nembe wawrat mboten kening cundhuk sekar, cundhuk jungkat, ngagem sengkang / cincin. Watakipun kandheg
2. Kersa ngunjuk jampi lempuyang saben wolung dinten, utawi ing dinten sabtu utawi dinten rebo. Punika badhe ndamel kiyating badan
3. mBoten kenging nedha ulam loh
4. mBoten kenging nedha duren, lan maja, awit saget anggogrokaken kandhungan
IV. Madosi ingkang dados Werdinipun
Mila kasinggihan bilih kabudayan Jawi estu luhur, liripun sedaya tindak lan tanduk, punapa malih babagan pepinginan lan kekudangan dumateng para putra-putranipun mboten nate kawios, nanging kanthi pasemon-pasemon kang mengku samudana, kados lambing ingkang dipun agem wonten adicara Mitoni punika
Mila yen putra kang nggarbini sepisanan sampun jangkep pitung wulan dipun “slameti”, ingkang karacik dados satunggaling upacara, kadosta, Siraman jamas ngagem toyo 7 tuh/sumber, ingkang dipun paringi sekar setaman. Kang kaagem lenggah siram, kapendhet saking ron-ronan ingkang maneka warni; kadosta ron dhadhapsrep, ron apa-apa, ron kara, lan ron awar-awar, lan ugi alang-alang. Ingkang sedaya wau pinangka lambang ingkang werdinipun pinangka panyuwunan. ing samangke dumugi titi wanci lahiring jabang bayi kaajab lancar mboten wonten alangan satunggal punapa, pramila srana wau kakajengaken pinangka srana anggenipun nolak sesuker
Kejawi punika kenging punapa ingkang sami nyirami cacahipun kedah cacah ipun pitu (7). Ngendikanipun kapendet saking wicalan pitu, ateges “pitulung”, kajengipun bilih sedaya tiyang ingkang kasuwun nyirami ingkang paring pitulung. Semanten ugi toya ingkang kaagem siraman, kang dipun paringi sekar Sritaman. Werdinipun bilih toya kapenggalih saget dados srana damel resik ing tata lahir, lan ugi suci ing tata batin.
Dene toya kang dipun paringi sekar sritaman, mengku werdi kinarya damel resik utawi sucining toya. Contonipun; kamar / pedaringan dipun sebari sekar, kinten kula papan mau badhe mahanani daya / raos ingkang benten, dados wingit/sakral.
Pramila kapenggalih dereng cekap, toya wau kacemplungi kelapa ijem. Liripun bilih toya kelapa saget damel tawar menggahing sesuker/sesakit. Mil kapitadosanipun para pini sepuh, bilih toya ingkang kagem siraman wau dipun wastani “toya prawitasari” inggih toya ingkang saged mahanani gesang ayem lan tentrem.
Kejawi punika cidhuk kemawon saking siwur, kadamel saking kelapa ingkang tasih wetah, kepara sisih ngandhap kabolongi. Ngantos menawi toya wau kacidhuk saget telas dereng dumugi kasiramaken. Mengku kekajengan supados anggenipun nyiram langkung cepet. Werdinipun pinangka lambang ing samangke lahiring ponang jabang bayi sageda cepet kados ilining toya wau.
Pramila tiyang ingkang kersa nyirami, tentunipun tiyang ingkang sae / tresna. Dene adaty siraman punika pinangka dados lambang katresnan antawisipun bapa-biyung dumateng putranipun, sementen ugi dhumateng tangga tepalih.
Dene jangkepipun srana tasih lajeng yasa “sajen” ing maneka warni. Liripun kagem memule para leluhur, sarta ingkang sami anjagi lingkungan. wonten ingkang mastani kang mbaureksa utawi anjagi tiyang lan papan padunungan.
Keinging punapa sajen kadamel maneka warni, nalaripun amargi dereng ngertos kareman ingkang mbaureksa. Dene sajen-sajen wau wujudipun wonten ; “tumpeng robyong”, inggih punika sekul ingkang kaentha-entha gunungan, karacik salebeting cething, dipun paringi tigan lan lombok abrit, tuwin brambang lan trasi, katuncepken pucuking tumpeng wau, lawuhipun gudhangan pepak. Pangentha-entha gunungan wau, kados dene pipindanipun papan wau papanipun para leluhur. Dados gampilipun tumpeng pinangka srana caos dhaharan katur para leluhur ingkang markarya redi meru, inggih ingkang jagi jagad raya.
Wonten “Jajan pasar”; punika klebet jangkeping sajen, ingkang wujudipun maneka warni cacahipun lan raosipun, saking sawernining woh-wohan pala gumandhul lan pala kapendem (salak, jambu, dhondhong, rambutan, sawo, nanas, tela pendem, tela kaspa, gembili lan sanes-sanesipun) ugi sawarnining dahar para tiyang kina kadosta; tiwul, rengginan, gethuk, jadah, wajik, kelak-keling, roti kulmbeng lan sanes-sanesipun. dipun racik dados satunggal kaliyan pisang Raja ayu, Pisang Raja pulut, klapa wetah, Kinang. lan ugi jlupak (senthir), umpluk isinipun uwos lan tigan, ugi umpluk kaisi kluwak, bawang lanang, mboten kesupen. Ugi kendhi alit lan pengilon, tuwin jungkat.
Sajen sanesipun inggih punika jenang-jenangan, ingkang maneka warni, inggih raosipun, wonten legi, gurih, anyep lan sames-sanesipun. Kados antawisipun jenangan wau:
1. Jenang pethah. Kadamel saking uwos kadamel jenang disanteni,
2. Jenang abang, jenang punika kadamel saking uwos kadamel jenang diparingi gendis jawi
3. Jenang baro-baro, jenang punika kadamel saking katul diwuwuri parutan klapa, tuwin sisiran gendis jawi
4. Jenang palang, bubur abang, dipalang jenang putih
5. jenang plirit, jenang sepalih abang sepalih putih
6. Jenang procot, jenang ingkang kadamel saking glepung,
nglebetipun diparingi pisang raja, kaentha-entha bayi.
Dene werdinipun jenang-jenang punika dados lambang raosing manah, inggih ingkang warni abrit dados pinangka wilujengan raosing Bapa, dene warni pethak dados wilujengan raosing Biyung.
Dados gampilipun, sajen punika satunggaling srana caos atur panuwun katur para leluhur ingkang sami njagi gesangipun. Dene ingkang awujud tumpeng lan sanesipun dados pralabang dados srana caos daharan para leluhur, pangajabipun kang sami njagi wau kasuwun sampun ngganggu, nanging sami rerencang njagi katen-treman. Nanging ugi dados lambang manunggaling kawula Gusti.
Ing adicara siraman, wonten konyoh manca-warna, konyoh punika kados dene kosokkan inggih pinangka sabun. Konyoh kadamel saking glepung uwos kacampuri kunir, lan kadamel warna-warni; pethak, abrit, jene, ijem, biru. ingkang werdinipun; pinangka tolak bala, inggih kaagem ngicali sesuker. Kejawi punika wonten ingkang ngendikan saget mahanani daya ingkang andayani, pindhaning cahya ingkang sumunar.
Lemek kagem gantos busana inggih punika; klasa bangka, tuwin bangun tulak ( 5 warni), werdinipun mugi kakang kawah adi ari-ari, inggih kadang sekawan gangsal pancer ingkang nunggal raina. tansah ngamping-ampingi.
Kanthi makaten mangga adicara Mitoni lajeng dipurwakani
Gambar conto; antawisipun
Upacara gantos busana kang sepisanan
Gantos salajengipun: ngegem semekan sutra, nyamping Sido Asih Jogya
Gantos kaping pitu; ngagem nyamping lan semekan lurik
Salajengipun gambar medot janur
Gambar upacara “brojolan”
Lajeng sami dhahar kempul… kakungipun ngladosi
Asmaradana
Pelog Bem
1 2 3 5 5 5 5 . 6 5 .0
Dhe – dhep ti – dhem mre – ba – wa – ni
A – sen – dhu na – nging a – ri – rih
Tre – nyuh te – kan jro – ning a – ti
. . . . . .
5 1 2 2 3 1 1 5 6 . 5 .0
kang pu – tra man – jing ka – wur – yan
Pa – ring – i – pun sab – ta ta – ma
Nam – pa sung – kem – e kang pu – tra
3 2 1 5 3 2 3 1 3 . 2 .0
Nga – bek – ti Ra – ma I – bu – ne,
Keng Ra – ma ma – rang pu – tra – ne,
Ga – we le – geg peng – ga – lih – e
5 5 5 5 5 5 3 2 3 . 5 .0
tu – mung-kul sung -kem ing pa – da
si – ra den pa – dha was – pa – da
ngan – ti tan bi – sa ku – me – cap
2 2 2 2 2 3 . 2 1 1 .0
nu – ha – ni pa – u – ger – an
nam – pa ber – kah – ing Pa – ngran
ga – we kem – beng ing was – pa
1 2 2 2 2 2 3 . 5 3 2 .0
Pi – wu – cal – ing pi – ni se – puh
tang – gap sar – ta kang mi – tu – hu
tu – mus do – nga lan pa – nges – tu
1 6 6 6 6 2 3 . 2 1 .0
Mu – rih ka – lis sam – be ka – la
ja ngan – ti pe – gat ka – lres – nan
mrih la – hir si – ja – bang lan – car
|
Sekar kagem selingan Siraman
Kinanthi Mangu
Slemdro Manyura
. . . . . . . . .
6 1 2 2 2 2 2 1 2 . 3.0
Si – ram Ja – mas da – dya la – ku,
Mu – ga ka – te – kan se – dyan – mu
. . .
2 1 6 6 6 1 6.5 3 2 3 2.3.21.0
nggon-mu ngga – dhang wong kang si – git
Ri – na we – ngi nggon- mu mu – ji
. . . . . . . . . . .
2 3 3 3 3 3 2 2 3 2 .1 6.0
Ri – na we – ngi tan – sah mu – dya
Bi – sa – a da – di ra – har – ja
. . . .
6 1 1 . 6 1 2 6 3 2 1 3.0
nggon – mu mba – ngun u – rip ja – ti
Ndak su – wun – ke mring Hyang Wi – di
. . .
3 5 6 1 1 2 6 . 5 3 2 3 2.1 6.0
Na – dyan kor- ban ji – wa ra – ga,
Nggon-mu pa – dha mba – ngun bra – yat
6 1 2 2 3 3 2 1 2.3.21.0
Tu – mra – pe ka – tres – na ja – ti
Be – suk te – kan ka – ki ni – ni
Dhandhanggula Temanten Anyar
Slendro Mayura
. . . . . . . ..
3 6 1 1 1 1 1 2 3 3 .0
A – na ki – dung ke – ka – dang per – ma – di,
Po – nang ge – tih ing ra – him a – we – ngi,
. . . . . . . . . . . . .
3 3 3 2 2 2 2 2 2 2 1 2. 1.0
a – mong tu – wuh ing ku – wa – sa – ni – ra,
a – ngro -wang-i Al – lah kang Ku – wa – sa,
. . . . . . .
6 1 1 1 1 1 2 1 6 6 .0
nga – nak – a – ke sa – cip – ta – ne
an – da – dek – a – ke ker – sa – ne,
. . . . . . . .
1 2 3 3 3 3 1 2.0
Ka – kang ka – wah pu – ni – ku
Pu – ser ku – wa – sa – ni – pun
6 6 3 3 6 1 2 1 2 3.5 3 2.1..0
Kang ru – mek – sa ing a – wak ma – mi,
Ngu- yu – ngu – yu sem -ba – wa ma – mi,
3 3 3 3 3 3 5 3 3.0
a – ne – ka – ka – ken se – dya
Nu -rut – i ing pa – ne – dha,
2 2 1 3 1 2 1.2 1 6. 0
pan ka – wu – sa – ni – pun.
Ku – wa – sa – ni – re – ku
3 3 3 3 3 3 3 3
a – dhi a – ri – a – ri I – ka
Jang-kep ka – dang ing – sung pa – pat
6 5 3.5 3 2 1 1 1 1 1 1 1 2 3 3.0
kang ma-yung – i ing la – ku ku – wa – sa – ne – ki.
Ka – li – ma – ne pan -cer wus da – dya sa – wi – ji,
6 1 2 1 3 5 3 2 2.0
nge- nak – a – ken pe – nga – rah
nung- gal sa – wu – jud ing – wang
Dhandhanggula Kayut
Pelok Pt Bem
. . . . . . . . . .
1 1 1 1 . 1 2 2 2 2 2.0
Yo – ku ka – dang ing – sun kang u – mi – jil,
Bo – bok pi – tu man- ca – war – na neng – gih
. . . . . .
2 2 .1 2 3 1 . 6 5 5 5 5 . 5.0
sa – king mar – ga i – na sa – reng sa – mya
Ma – nung – ga – ling cah – ya kang su – mu – nar,
. . . . . . . . .
1 2 2 2 . 1 1 1. 2 1 6.5.0
sa – di – na a – wor eng – gon – e
ne – la – ki ka – dya ang – ga – ne
. . . . . . . . .
6 1 1 . 1 1 1.2 3 2.1.0
Se – ka – wan ka – dang – i – pun.
De – wi Ra – tih sa – tu – hu
6 5 6 2 1 . 1 1 1 1 6 6 . 1 .0
Ing – kang no – ra u – mi – jil sa – king
a – lang – a – lang go – dhong ke – lu – wih
1 2 2 . 2 2 2 2.0
mar – ga – i – na pu – ni – ka
Leng – gah I – ra sang Ret – na,
1 6 1 2 3 . 1.21 6.5.0
kum – pul – e lan ing – sun
Pe – nga – jab sa – tu – hu
1 2 2 2 . 2 2 2 2.0
da – dya mak – dum sar – pin si – ra
Pa – nu – lak – e sam – be ka – la
1 2.12 3 1 . 3 5 5 5 . 5 5 5.65 3.2.0
We – wa – yang – an ing dzat re – ke da – dya kan – thi
Si – ni – ram glis se – kar se – ta – man kang wa – rih
5 6 1 . 1 1 1.65 6.1.0
sa – pa – ran dha – tan pi – sah
Ra – ha – yu Sla – met gan – car
Dhandhanggula Rencasih
Slendro Manyura
. . . . . . . .
3 3 3 3 . 0 3 6 1 1 2 2.3.2 1 1. 0
Si – ram ja – mas ki – nar – ya me – mu – ji,
Bo – bok pi – tu man – ca- war – na neng – gih
. . . . . . . . . . . . .
1 2 . 3 . 1.2.1 6 5.3.0 3 6 1 1 2 2 3 2 1.6 653.0
Kun – juk Gus – ti kang a – kar – ya ja – gat.
Ma – nung-gal ing cah – ya kang su – mu – nar,
3 . 2 1 6 . 1 2 3 3 5 3.2.1.2.16.0
Kan – thi do – nga pa – mu – ji – ne
Ne – la – ki ka – dya ang – ga – ne
. . . . . . . . .
6 1 1 1 1 2 2 3.2 1.6 6.5 3.0
A – mrih bi – sa ra – ha – yu
De – wi Ra – tih sa – tu – hu
3 . 2 1 2.3.21 . 1 1 1 . 1 6 1.0
si – ram ja – mas kang meng-ku wer – di
a – lang- a – lang go – dhong ke – lu – wih
3 3 3 3 3 . 2 1 2.1 6.0
Ngre – si – ki ji – wa ra – ga.
Leng – gah i – ra sang ret – na
1 2 . 1 2 3 3.2 1.2.1 6.0
Mrih ten – trem ra – ha – yu
pe – nga – jab sa – tu – hu
6 1 2 3 3 3 3 3 3 .0
Mi – la to – ya kang ki – nar – ya
Pa – nu – lak – e sam – be ka – la.
3 3 3 5 3.2.1.0 3 2 1 6 . 1 1 1 2.3.0
Nu – cek – a – ken nggen ngan-dhut wus pi – tung sa – si
Si – ni – ram glis se – kar se – ta – man kang wa – rih.
3 3 3 3 5 3.2 . 2 1 6 1.2.0
Mu – gi la – hir – e lan – car
Ra -ha – yu Sla – met lan – car
Mijil Rara Manglung
Pelog pt – 6
. . . . . . . . . .
1 1 1 1 . 6 1 2 3 2 1 2.0
Dhuh Pa – nge – ran Ing – kang tres – na a – sih,
Mi – to – ni meng – ku sas – mi – ta a – di
.
1 6 5 3 . 2 1 . 2 . 0
Sa – ha kang ku – wa – os
Pra – lam – bang sa – yek – tos
. . . . . . .
1 2 3 3.2 1 1 6 5 3 3 3 2.1.0
Am – ba sa – mi ne – dya nglu – hur – a – ke,
Ang -gen – nya ngan -deg wis ce – pak lek- e
2 1 2 3 . 2 1 6 1 2 3 3 . 0
Lan – ta – ran a – di – ca ra pu – ni – ki
Mba – ba – ra pu – tra tan ngu – ci – wa – ni,
2 2 2 2 2 2 . 0
ing – kang mra – tan – da – ni
ja – ler es – tri sa – mi
2 3 5 5 5 6 5 . 3 2 . 0
a – sih tres – na tu – hu
ha – mung pu – ji so – kur
Sekar Panutup
Sekar Pangkur Paripurna
Slendro Pt Sanga
1 . 2 2 2 2 . 2 . 1 1.235 . 2 2.321616.0
Pur – na sam – pun a – di ca – ra
Pa – ra Ra – wuh kang su – tres – na
2 2 3 5.3232 . 2 2 2 2 1 1.23 1.321 65 .65.0
kang ki – nar – ya do – nga sa – ha me – mu – ji
su-mang-ga a – di – ca – ra – ka – pung – ka – si
. . . . . . .
5 6 . 1 1 1 1 2 1 6 5 . 5 5 . 6. 10
Ang- gen – nya nyu – wun pa – nges – tu
kra – na mun – juk mring Hyang A – gung
. . . . .
6 1 2 2 6 .1 6 1 6 5 . 2 2.3 2 1 6 1 6.0
Kang den – kan – dhet ra har – ja
pun kla – pah kan – thi pur – na
. . . . . . . .
2 2 2 2 . 1 1 2 6 . 1 . 5 3. 21235 . 2 52321.0
kang ka – ku- dang da- dya bo – cah kang u – ta- ma
pa – ring- i – pun do- nga pa – nges – tu klu – war- ga
2 2 2 2 . 2.1 1.235 . 2 2.321616.0
bek – ti mring wong tu – wa ni – ra
wit pur -wa ma – dya wa – sa – na
5 5 5 5 . 5 6 1 . 5.3 2 3 . 1.3 2 1 6 5 6.5.0
kang da – di kem – bang ing la – thi
sem – bah nu – wun kun- juk Gus – ti
Dhandhanggula Kayut ( Pelok Pt Bem )
. . . . . . . . . .
1 1 1 1 . 1 2 2 2 2 2.0
Sa – yek – ti – ne wong tu – mi – tah u – rip
Bo – bok pi – tu man- ca – war – na neng – gih
. . . . . .
2 2 .1 2 3 1 . 6 5 5 5 5 . 5.0
Yen pi – ne – tang tan da – ngu la – mi – nya
Ma – nung – ga – ling cah – ya kang su – mu – nar,
. . . . . . . . .
1 2 2 2 . 1 1 1. 2 1 6.5.0
be – ba – san mung mam – pir ngom – be
ne – la – ki ka – dya ang – ga – ne
. . . . . . . . .
6 1 1 . 1 1 1.2 3 2.1.0
pi – nang – ka ti – tah i – pun
De – wi Ra – tih sa – tu – hu
6 5 6 2 1 . 1 1 1 1 6 6.1.0
kang mur – beng rat kang Ma – ha su – ci
a – lang – a – lang go – dhong ke – lu – wih
1 2 2 . 2 2 2 2.0
ya kang Ma – ha ku – wa – sa
Leng – gah I – ra sang Ret – na,
1 6 1 2 3 . 1.21 6.5.0
Ma – ha a – sih tu – hu
Pe – nga – jab sa – tu – hu
1 2 2 2 . 2 2 2 2.0
ti – ni – tah i – ra neng do – nya
Pa – nu – lak – e sam – be ka – la
1 2.12 3 1 . 3 5 5 5 . 5 5 5.65 3.2.0
di – pun da – dar se – pi – ra ngge-ni – ra bek – ti
Si – ni – ram glis se – kar se – ta – man kang wa – rih
5 6 1 . 1 1 1.65 6.1.0
mring Al – lah Gus – ti ni – ra
Ra – ha – yu Sla – met gan – car
|
Dhandhanggula Kanyut ( Pelok Pt Bem )
. . . . . . . . . .
1 1 1 1 . 1 2 2 2 2 2.0
A – na ki – dung ke – ka – dang per – ma – di
. . . . . .
2 2.1 2 3 1 . 6 5 5 5 5 . 5.0
a – mong tu – wuh ing ku – wa – sa – ni – ra
. . . . . . . . .
1 2 2 2 . 1 1 1.2 1 6.5.0
nga – nak – a – ke sa – cip – ta – ne.
. . . . . . . . .
6 1 1 . 1 1 1.23 2.1.0
Ka – kang ka – wah pu – ni – ku
6 5 6 2 1 . 1 1 1 1 6 6.1.0
Kang ru – mek – sa ing a – wak ma – mi
1 2 2 . 2 2 2 2.0
a – ne – kak – a – ken se – dya ,
1 6 1 2 3 . 1.21 6.5.0
pan ka – wu – sa – ni – pun
1 2 2 2 . 2 2 2 2.0
a – dhi a – ri – a – ri i – ka
1 2.12 3 1 . 3 5 5 5 . 5 5 5.65 3.2.0
kang ma – yu – ngi ing la – ku ku – wa – sa – ne – ki.
5 6 1 . 1 1 1.65 6.1.0
nge – nak – a – ken pe – nga – rah
Leave a comment