Kain Batik lan Busana Jawi

Nuwun sewu supados boten tumpang suh, anggenipun sami nampi prayogi langkung rumiyin sami pirsa istilah tembung KAIN-BATIK lan Busana Jawi

sebatan KAIN saged dipun tegesi ; bahan (bebakal) kagem busana, kados kagem rasukan, kebayak, sruwal (celana), beskap, jaket, sarung, nyamping utawi bebet lan snesipun.
Tembung “batik” dados mbatik. Jaman kawuri tradisi damel ageman utawa busana ingkang mirunggan kegem : sinjang lan nyamping, kampuh lan sarung. gampiling rembak dados ciri ageman tradisi Jawi. sandyan sejarah batik piyambak punika saking tanah manca

Nanging yen madosi werdinipun mbatik klebet satunggaling seni lukis ingkang kanthi srana lilin, kanthi bahan warni alami. kados antawisipun Kayu ketingi, Tegeran, Jongkang, kayu Sana, Soga lan sanesipun, nanging sasampunipun para sudhagar manca nagari mlebet, atawis tiyang Cinten( cina), Arab. Wonten bahan warni ingkang sifatipun kimiawi, kados contonipun Napthol, Indogozol, Rafide lan sanesipun
kemajenganing jaman seni batik tumus maneka warni kados:
1. Batik Tulis
2. Batik Cap-capan
3 Batik Kkelengan
4. Batik Jumputan ( damelipun boten gangge lilin)
5 Batik Prenting ( modern)
Dipun sebat Batik Jumputan amargi proses damelipun kanthi di-JUMPUT, lan dipun SUM nembe dipun dipun celup warni
Dipun sebat batikprenting, margi prosesipun kados damel gambar foto. dados ngagem klise, klise dipun damel saking kain monil. mila proses damel Batik Prenting langkung cepek.
Pramila benten sanget kaliyan damel batik tulis, lan batik ca-capan, awit prosesipun langkung dangu, inggih punika:
1. mori dipun lorot
2. mori dipun kemp[long
3. mori dipun gambari
4. mori dipun batik sepisan ( istilah dipun ngengrengi)
5. lanjeng dipun terusi ( sewalikipun mori ingkang sampun dingreng wau
6. lajeng dipun bironi ( dipun kerok )
7. dipun temboki
8. lajeng dipun soga
9. dipun kanci tipun…. nembe dados kain batik tulis

Wangsul ngremag bab busana Jawi. jaman kawuri dipun kajenganken busana Mataram. Busana boten namung ingkang kakung kemawon, nanging ugi pawestri. Dene busana kakung rasukan model Surjan. lan bebedan, ngagem destar ( iket) lan ngagem dhuwung ( keris) sandalipun selop. Yen piyayi luhur sentana keraton, asesoripun “kalung ulur” (karset) lan ngagem bros, ingkang dipun agem sisih tengen. Yen kagungan kersa mantu ngagem sindur, anggenipun ngagem yen yogya dipun ubetaken sajawining surjan, pucuk sindur dipun tangsuli ing pendok keris
dene ingkang pawestri ngagem rasukan kebaya, nyamping, sanggul saged model tekuk, utawi kondhe, lan boten ngegem kudung, ugi ngagem sandal, yen piyayi luhur utawi sentana keraton asesori ngagem “peniti renteng”, gelang, lan kalung, ugi ngagem suweng. Dene yen kagungan kersa mantu ngagem sindur., dipun agem nutup kemben, dhawah nglebet rasukan
Kejawi saking punika wonten sebat busana “sawitan” . tegesipun werni kalih. sepisan yen nyamping lan iketipun sami motifipun, nanging saged kakung putri kembaran, nyampyng lan rasukanipun

Wangsula bab ngajeng, ageman batik, mengahing adat Jawi dipun pilah-pilah miturut ginanipun. contonipun:
1. Jarit, nyamping, dipun agem mligi piyantun estri
2. Bebet, dipun agem bebetan kakungLendhang, ageng alitipun benten kaliyan nyamping, aeit wiyaripun sepalih sinjang. dene cirinipun sanes puucuking lendhang wonten hiasan ingkang dipun wastani “tumpal”. wujudiun maju 3″ lan wonten ingkang dipun sukani “slrak kandang”. ujudipun motiof garis-garis melintang. Dene ginanipun kain lendang kagem nggendhong… bayi, barang sanesipun
3. Kemben, punika kain ingkang dipun agem kembenan utawi semekan. yen jaman samenika dipun sebat BH. dene wiyaripun sami lendhang, bentenipun wonten motif hiasan pinggiring kain. awit yen kemben pinggiring kain dipun paringi “kkemada”. kemada jenis motif hiasan pinggiraning kain.
Dene kemben punika maneka warni, kabekta wonten perangan ingkang dipun sukani tengahan polos pethak, lan ugi saking sutra, . wujudipun kados wajikan.
Busana Jawi dipun agem wonten gandheng cenengipun kaliyan kabetahan lan yuswa ingkang ngagem, pramila lajeng dipun pantha-pantha kados antawisipun dipun sebab
1. Busana nyamping wiron. dipun sebat mekaten awit ngagemipun ngagem wiiron ( namung kedah emut model wiron kakung lan estri benten. inggih punika ageng kangge kakung lan alit kangge estri. yen wonten glebt kraton wonten wiron ingkang dipun sbad “wiron engkol”
2. Sabut wala.. tegesipun tembung wal pnika uwal, Wala ( Kw) tegesipun sabuk. dene adat busana punika mirunggan dipun agem lare estri ingkang umur-umuranipun wantawis 7 – 12 th. Yen lare jaler sabuk wala dipun sebat busana kencongan. duk semanten kencong kagem lare ingkang badhe supit
3. Busana Pinjung utawi pinjungan. mirunggan kagem lare estri ingkang ngancik dewasa, utawi “prawan Kencur” duk semanten kagem busana bibar tarapan. Busana Pinjung punika model busana ingkang pojoking nyamping ingkang maju kagem nutupi susunipun
4. Busana Semekan, Busana kagem lare estri ingkang sampun dewasa ( samun prawan). dene busana semekan wonten ingkang dipun sebat:
a. Busana Semekan Batik
b. Busana Semekan engahan sutra
c. Busana Semekan Bleg-blegan
d.Busana semekan ngagem kebaya, ingkang boten dipun tangkepaken, mila lajeng semekan ( kemben) katingal asri
5. Busana Seretan, punika tatacara ngagem nyamping ingkang kedah wiron dhawah ngajeng punika dhawah ngiringan, ngandhapo kelek, lan wiron dipun bikak, mila katingal kemlebet, lan yen tindak lajeng kaseret. Model busana punika adat saben kagem busana beksa.
Mekaten rembag bab busana kain Batik lan Busana Jawi

Ngayogya 12 Desember 2010

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: