WAWASAN BUDAYA JAWA

Madosi werdining Busana Jawi

Saderengipun kula ngaturaken bab tata adat Jawi mliginipun bab Busana Mataraman jangkep, kula suwun sampun ngantos kagungan pemanggih bilih kula badhe ngguroni, nanging margi kebekta saking kadereng raos anggen kula prihatos yen nyumerepi para kadang sutresna sami ngagem busana Jawi boten runtut, kepara boten leres kaliyan paugeran ingkang wonten, jer punika tundhonipun badhe ngirangi luhuring budaya Jawi.
Semanten ugi yen ngemuti wonten ing upacara-upacara adat. Kamangka upacara-upacara adat, kathah sanget ingkang antawis satunggal daerah kaliyan daerah sanes boten sami, ingkang sedaya dados tanda luhuring budaya. Nanging pinanggihipun sami campur bawur. Kados conto yen gagem beskap Sala iketipun Yogya, ugi ngagem Surjan, kerisipun Sala, lan tasih kathah sanesipun.
Punika dereng bab ubarampening upacara adat. Mila saking kedadosan ingkang kula semerepi punika, tumusipun manah kepengin ngaturaken kados pundi Busana Mataram jangkep ingkang leres, sarta kados pundi tatacara ngagem busana adat Jawi ingkang leres. Tegesipun manut paugeran ingkang sampun wonten
Adhedhasar saking warisan para pini sepuh ingkang sami mumpuni, sarta saking pengalaman anggen kula lelumban ing kabudayan Jawi, ingkang sak boten-botenipun 40 tahun wonten donyaning Tata Busana lan Busana Rias Penganten Ngayogyakarta lan Surakarta.
Pramila mugi ingkang kula aturaken punika sageda migunani, mligi ingkang sami tresna ngleluri budaya Jawi ingkang adi luhung. Temtu kemawon punapa ingkang kula aturaken tasih tebih saking sampurna, mila yen pinanggih tumpang suh, kepara kathah klenta-kletunipun kula nyadong agung pangapunten.

Mirunggan bab “KAIN“ (Bhs Indonesia) menggahing adat Jawi, pranyata dipun pilah-pilah miturut ginanipun, gampilipun kados contonipun :
1.Kain dipun sebat ; Jarik, jarit, sinjang, nyamping. Nyamping mligi dipun agem pawestri. Dene wiyaripun kalih setengah kacu. Ginanipun kagem nyampingan / jarikan
2.Kain = bebet ( basa madya, ngoko) punika sinjang mligi ingkang dipun agem kakung / priya, dene ageng wiyaripun sami ingkang dipun agem pawestri
3.Kain= Cinde, wujudipun nyaping mirunggan kagem nyampingan busana manten. cinde ugi kagem lapisan lonthong, lan kagen celana busana narendra / manten paes Ageng
4.Kain = Lendhang, utawi slendhang. Ageng alitipun benten kaliyan jarik, wiyaripun sepalih jarik, cirinipun pucukipun lendhang wonten rerenggan utawi hiasan kang dipun sebat “tumpal,” wujudipun gambar maju tiga (segi 3 sami kaki) lan wonten ingkang dipun sebat Slarak kandhang, kados conto gambar ngandhap No
5.Kain = Kemben. Ageng wiyaripun sami lendhang, bedanipun boten ngagem tumpal nanging ngagem kemada (hiasan pinggiring kemben mubeng ) ginanipun kagem kembenan ( nutupi susu ), sejatosipun punika gantosipun “kotang = BH” . Kemben punika maneka warni kados saking batik, lan wonten ingkang dipun paringi tengahan wujudipun wajikan utawi belah kethupat lan wonten ingkang tengahipun sedaya dipun blok sutra.
Dene titikanipun ngagem Busana “Mataraman Jangkep”
1.ngagem nyamping utawi bebet model wiron.
2.ngagem lontong lan kamus
3.ngagem rasukan surjan
4.ngagem iket gagrak Yogya
5.ngagem keris gagrak Yogya
6.sarta selop polos
Tata cara ngagem Nyamping model Ngayogya
Saderengipun nyamping dipun agem dipun wiru rumiyin, utawi dipun lempit-lempit, wiyaripun antawis + 3 jari kagem kakung, + 11/2 driji kagem putri, sarta seret nyamping pethak dipun katingalaken.
1. Damel wiru / wiron nyamping
1.2. Nyamping dipun gelar, dipun padosi ingkang jawi, ingkang dipun wastani “Ngengrengan”, awit nyamping perangan nglebet dipun wastani “terusan”. Liripun kagem netepaken ingkang badhe dhawah nginggil. Utawi arah miringipun nyamping yen model lerek.
1.2. Pucuk nyamping sisih tengen kagem pathokan damel wiru utawi diwiru, kang badhe dipun cepengi asta tengen; diwiru utawi dipun lempit-lempit arah mlebet, menawi sampun tumata, lajeng dipun wiru / dipun lempit, seret nyamping kedah dhawah jawi/katingal tetep wonten pingggir malih, lajeng dipun ambali malih ngantos wongsal-wangsul, udakara kaping 7-an.
Pucuk sutunggalipun dipun damel wiron pengasih, ingkan mangke dipun cepengi asta kiwa, utawi dhawah nglebet. Dene pengasih wiyaripun mana suka, kanthi tetimbangan yen dipun agem saged neces, lan sekeca yen kagem tindak. Dene kathahipun wiru pengasih, gumantung ageng lan botenipun ingkang badhe ngagem nyamping. Yen sampun dados wiwit dipun agem. Kagem pemut; seret pethak kedah dhawah njawi utawi wonten sisih jawi.
1.3. Kejawi punika ugi wonten wiru engkol utawi pengkol, punika mligi kagem para abdi dalem keprajan, damelipun wiwitanipun sami, namung yen dados kadudut pucukipun wiru ingkang nomer 3
2. Tata Caranipun Ngagem :
2.1. Nyamping dipun agem, dipun jereng, dipun persani yen wonten ceplokipun utawi gurdhanipun, lar gurdha kedah minggah, yen lerek kedah mandhap, utawi miring ngiwa. Dene seret pethak kedah dhawah jawi. Wiru ageng dipun cepengi asta tengen, wiron pengasih asta kiwa.
2.2.Ingkang dipun cepengi asta tengen langkung rumiyin dipun tempelaken tengah-tengah padharan, kangge nginten-inten inggilipun nyamping. Pathokan sak kemiri.
2.3.Wiru wau dipun angkat majeng, tumuli pengasih dipun ubetaken diputer liwat ngajengan padharan dumugi bangkekan sisih tengan ngandap kelek. Lajeng wiru ingkang dipun cepengi asta tengen dipun tempelaken padharan malih, lan kedah tetep dhawah tengah. Kagem ngawekani kodhok melet pengasih dipun tarik minggah sekedhik, lajeng dipun tangsuli lawe
2.4.Salajengipun ngagem lontong lan kamus: yen nyamping sampun mapan lan rapi, prayogi ngagem stagen rumiyin, nembe ngagem lotong. Kanthi ubetipun katumpuk, paugeranipun pucuk lontong sampun dhawah wingking, Prayogi yen dhawah ngajengan. Salajengipun nembe ngagem kamus (sabuk), ugi pucuk kamus dipun angkah sampun dhawah wingking.
Mligi lontong wonten ingkang lontong polos, abrit, ijem, biru, jene, lan lontong Cindhe, sarta lontong sindur. Semanten ugi kamus, wonten polos bludru, kamus bludiran, lan kamus kristik.
3. Cara ngagem rasukan SURJAN: ngagemipun kados yen ngagem hem umumipun.
Surjan ugi wonten model Surjan sutra (sekaran), model surjan lurik, lan model surjan pranakan. Dene Surjan Pranakan punika busana mirunggan wonten salebeting kraton kemawon, sak jawining kraton boten umum,
4.Iket model Yogya. titikan wonten mondholan, sinthingan lan blumbangan. Dene modelipun warni-warni; awit jaman kawuri ngagem iket amargi ngagemipun dipun ubet-ubetaken utawi dipun iket dpun tangsuli. Mila lajeng sinthingan katingak warni-warni, wonten njenthar, wonten sintingan dipun damel panjang ngantos kemlebreh dumugi ngajengan, nanging ugi wonten sinthingan dipun dadosaken satunggal sisih kiwa tengen mondholan, kados kuping trewelu (njepiping).
Mila kagem ngawekani gampilipun ngagem, lajeng badhe iket dipun damel blangkon, mila lajeng wonten sebatan iket blangkon. Sedaya wau margi wonten sambetipun kaliyan kabetahan, utawi tanda kalenggahan Conto satunggal resi, utawi sentana dalem, utawi abdi dalem, lan kepara kagem tanda tiyangb ingkang kagungan kadegdayan lan sanesipun.

Bab ngagem iket samenika langkung gampil, awit namung kados ngagem topi. Ewa semanten yen boten pirsa cara ngagemipun katingal lucu, mila prayogi ngagem iket blangkon supados katingal mriyayi pucuk sinthingan sampun katingal, semanten ugi sisih ngajeng kang dhawah nginggil alis, prayogi + 1 jempol, sampun tebih kaliyan alis, menapa malih nutupi alis. Awit badhe katingan wagu.
Miturut pemanggih kula
1.Bilih bentuk/ rerenggan Iket Blangkon gaya Yogyakarta punika wonten kalih, inggih punika blangkon model Mataraman lan blangkon model Kagok. Kalih-kalihipun gadhah perangan ingkang meh sami. Kados “wiron/wiru, mondolan, cetetan, kemadha, dan tanjungan “
2.Motif-motif ingkang dipun agem dhestar / iket antawisipun: motif modang, blumbangan, celeng kewengen, jumputan, sido asih, sido wirasat, taruntum. Motif-motif punika ingkang sampun kawentar dipun agem kangge damel iket blangkon model Ngayogyakarta. Temtu kemawon ugi wonten motif-motif sanesipun ingkang dipun larasaken kaliyan kabetahan ’badhe/kain batik”. Rangkepan perangan nglebet:”Congking”
3. Werdining Iket Blangkon Ngayogyakarta
a. Wiron/wiru, kadamel wiron ( 17 lempitan), mengku teges murih lampah utawi tindakipun boten klentu kesrimpet. Mila wonten paribasan wirone byar-pet. Nanging wonten ingkang kagungan pemanggih. kathahing rakaat nalika sholat salebeting sedinten.
b. Mondolan mengku teges bilih jejering kakung punika gadhah sesanggeman ingkang boten entheng, ingkang kedah dipun lampahi .
c. Cetetan, utawi dipun sebat sinthingan. mengku teges satunggaling gegayuhan wonten ngarsaning Pangeran. Ugi dados pratanda sifat watak utawi jejeripun satunggaling tiyang kakung. Kados satunggal sentana , resi utawi panndita, lan ugi satunggaling warok. Sedaya duk semanten saged katanda saking anggenipun damel cetetan utawi sintingan. Mila cetetan lajeng dipun damel maneka warni, wonten ingkang njepaplang, ugi wonten ingkang kumlewer.
d. Kemadha, menggahing badhe/kain, punika satunggaling hiasan pinggir, kados dene wengkuning badhe/kain, mila tegesipun bilih gesang punika kawengku dening edi penining kawontenan ( donya). Nanging sebatan kemadha ing iket blangkon ingkang mapan woten sacelak ing talingan punika werdinipun kangge nyamekaken, utawi nglarasaken, awit sok sintena gesang kedah saged nglarasaken kaliyan kawontenan, mila duk semanten dados tandha kelompok abdi dalem, upami saking Ketanggungan, Wirobrajan lsp
e. Tanjungan ingkang asring dipun sebat jengger. Punika mengku teges kaendahan, tegesipun supados katingal langkung perwira, mila tumusipun murih disanjung-sanjung dipun pepundhi utawi dipun puja.
Mila pilihan motif kagem Iket Blangkon punika mengku pengajab :
a. Iket motif Modang, kinarya lambing kasekten pinangka ngregem sifat angkara murka. Tegesipun murih saged ngawonaken mengsah ingkang wonten salebeting angga pribadi . nanging wonten ingkang kagungan pemanggih sok sintena nggagem iket modang pangajabipun “saged ngemot utawi momot kadang“…. Saged ngladosi sok sintena kemawon
b. Motif Celeng kewengen, mengku teges murih tiyang ingkang ngagem dados tiyang ingkang ajrihan, ugi lambing kejujuran, polos utawi prasaja
c. Motif Kumitir, dados lambang bilih tiyang boten kersa kendel ingkang tansah ngudi murih saenipun gesang .
d. Motif Blumbangan, saking nama “blumbang” ingkang tegesipun papan ingkang kebak toya. Dene toya punika piyambak lambang sumbering panggesangan.
e. Motif Jumputan, saking tembung “jumput” mila tegesipun mendut sawentawis punapa ingkang sae.
f. Motif Taruntum, motif wujud tebaran sekar-sekar ingang alit-alit, mila dados pralambang kartika ing wanci dalu, werdinipun bilih gesanging titah boten saged pisah kaliyan kalih perkawis, inggih punika padhang lan peteng, bingah lan sisah, sugih lan mlarat sp..
g. Motif Wirasat, tegesipun satunggaling pangajab supados Kabul sedaya panuwunipun,
h. Motif Sido Asih, lambing satunggaling pangajeng-ajeng utawi pangajab murih saged sami asih tresna.
6. Ngagem Keris; dipun agem wonten wingking, kaselipaken antawis nyamping lan lonthong. Utawi lebet lontong kamus
Dadosna wuninga bilih ngagem Keris kados conto gambar ngajeng wau, wonten sambetipun kaliyan kabetahan, kados contonipun:
1)Model Klabang Pinipit (Pipitan). Keris dipun agem miring nengen (asta tengen) kagem pahargyan / upacara resmi lan wonten ingkang mastani model “Ngogleng”.
2)Model “Munyuk Ngilo”, Keris dipun agem miring ngiwa, dipun agem para prajutit kraton ngasta bedil lan kagem beksa, Wonten kang mastani model “Kewal”
3)Model “Andoran utawi dederan” Keris diagem ngadeg jejeh, mligi kagem marak priyagung kang dipun urmati, utawi wonten papan kang kinurmatan (mesjid, makam lsp), biasa priyantun Solo, utawi warok
4)Ngagem model “Anggaran” Keris dipun agem sajawining lonthong, ngagem wadhah piyambak dipun paringaken ngajeng sisih kiwa, mligi dipun agem komandan prajurit.
5)Ngagem model Nyothe, semanten dipun agem para pandhita, resi, panji udi prajurit Daeng
6)Wonten ngagemipun dipun anggar, dipun paringake wadhah utawa mligi kanthong keris.
Dene tiiyang Jawi langkung-langkung para priyagung tentu kagungan keris werni kalih; keris gayaman, lan keris branggah utawi ladrangan. Dene bedanipun antawisipun Gayaman lan branggah wonten “godhonganipun” keris. Gayam ujud who gayam, yen branggak gambar stilir saking ron tela kaspa.
Keris dipun agem manut kabetahan. Ingkang branggah umumipun kagem upacara langkung resmi. Yen gayaman, dipun agem ingkang sifatipun climen utawi padintenan.

Busana yen Kagungan kersa mantu
Ageman Busana Jawi, pangagemipun kapilah, wonten ingkang dipun sebat busana resmi, mligi kagem upacara-upacara resmi: upami upacara adat, nampi tamu, lan pahargyan; ingkang climen, utawi ageng.
Ingkang ugi kapilah, tatacara pangagemipun:. Kegem lare-lare; lare alit, sampun dewasa, beda panga-gemipun busana, semanten ugi lare estri; prawam lan joko, sarta tiyang sepuh.
Kanthi makaten busana Jawi pranyata maneka warna, punapa malih yen badhe ngonceki werdinipun, mligi bab Nyamping; punika ngrumit, awit gambar isen-isenipun mengku sasmita ingkang kebak ig pralampita.
Dene ingkang badhe kula aturaken wanci punika, mligi busana ingkang wonten sabetipun kaliyan ingkang sampun kula aturaken ing Minggu ngajeng; inggih punika ingkang kaagem upacara maten, mligi Ngayogyakarta; inggih punika
1.Busana kagem siraman; tiyang sepuhipun sarta calon manten.
2.Busana kagem Midodareni, mligi tiyang sepuhipun sarta calon manten
3.Busana Manten, kagem pahargyan climen, lan pahargyan agung
4.Busana para-para ingkang nyengkuyung adicara punika

A.Busana kagem upacara siraman:
1.Kang kagungan kersa ( Rama / Bapak), Prayogi busana Mataraman jangkep, inggih punika ngagem: Surjan, nyamping wiron, Destaran, ngagem dhuwung, sarta cenela. Dene nyampingipun model corak “cakar ayam” utawi jenis nyamping Nitik. Werdinipun wiwit wanci punika putranipun katitik utawi kaajab sampun badhe ceker-ceker pados tedha piyambak, mila dados pralampitaning tiyang anggenipun miwiwiti bingah.
2.Dene sisihanipun (Putri / Ibu ), proyogi busana putri, Nyampingan wiron ngagem kebaya Yogja, model nyamping prayogi sami garwanipun, Cakar ayam ( sawitan kakungipun). Kejawi punika boten prayogi yen ngagem raja keputren ( asesory)
3.Dene putranipun ingkang dipun sirami ( putri ), ngagem busana “siraman”, inggih punika nyamping mori pethak polos, prayogi ngagem pasatan, werdinipun busana siraman, dados pratanda anggenipun miwiti nyucikaken jiwa raga, awit badha nampi kekeran Dalem Pangeran, liripun badhe tumuruning “wahyu penganten, utawi Widodari, mboten inggih punika sanes garwa. Mila wanci punika dados wanci kaprihatosan. Anggenipun neges wonten ngarsa Dalem pangeran, punapa ingkang dados pilihan ( garwa, putra mantu) estu selaras kaliyan kersa Dalem Pangeran. Mila lajeng wonten tembung Jodho iku ora ana loro. Mila nalika bibar siraman, lare wau dipun busana nyamping grompol, singep nyamping Nagasari, dado pralampita anggenipun nampi sasmita, bilih pilihanipun laras kaliyan kersa Dalem Pangeran.
4.Tumapak lare dipun kerik utawi dipun halub-halubi. Dados sasmita anggenipun Juru sembaga, ngicali sesuker murih ing tembe wiking manggih gesang utami, tebih ing sambe kala. Mila busana wau sambet kaliyan uba rampe kagem ngerik: kadosta; Palenggahan ngagem klasa bangka, lan ron-ronan maca warni, ingkang kapilih wonten werdinipun. Kados; ron dhadhap srep, ron apa-apa, ron awar-awar, ron kluwih, suket alang-alangn sarta empon-empon (dlingo bengle) sarta katutup kain yuyu sekandhang, lan Pulowatu, nginggil piambak kain bangun tulak ingkang maneka warna (Abrit, ijom, Nila, Wulung, Cemeng, Jene, pethak)
Busana midodareni, tiyang sepuh sarta putra penganten ngagem nyampingan wiron, ngagem kebaya, nyamping corak motif “Trumtum” sarta mboten ngagem raja keputrem. Mila lajeng dipun sebat busana polos. Werdinipun, saking polosing manah, amargi wamci punika sami walaka, tumusipun lajeng -trumtrum-trumtrum punapa ingkang badhe numusi telenging manah mboten sanes badha gadhah putra mantu sarta jatu krama putrinipun.

B.Busana pahargyan, busana manten. Lan tioyang sepuhipun. Naning nuwun sewu prayogi badhe kula aturaken wonten wanci sanes.
Busana Jawi dipun agem wonten gandheng cenengipun kaliyan yuswanipun ingang ngagem, pramila lajeng dipun pantha, mliginipun ngagem nyamping lan bebet, sarta kemben. kados conto ngandhap punika:
1.abuk Wala; adat tata cara ngagem busana; nyampingan ingkang sepalih kagem sabuk , lan sepalih kagem nyamping utawi bebet. Dene Wala Werdinipun : saking tembung “Wal” tegesipun “uwal”. Wala ( Kw ) tegesipun sabuk, Dene adat busana punika mligi kagem lare-lare estri kang nembe umur 7 dumui 12 th. Busana Sabuk Wala, yen ingkang ngagem jaler dipun sebat “Kencongan” Busana punika jaman kawuri kagem upacara tetesan utawi tetakan
2.Busana Pinjung ( an ) utawi pinjungan: mligi busana kagem lare istri, mgkang ngancik dewasa utawi prawan kencur. duk kawuri kagem busana bibar tarapan. Pinjungan, punika model busana ingkang pojok nyamping ( maju 3) kagem nutupi susunipun.
3.Busana Semekan, busana mligu lare ingkang wiwit dewasa ( enem ; prawan ), tembung ngokonipun dipun sebat kembenan. dipun sebat Busana
Semekan margi ngagem kemben utawi semekan gantosipun kotang utawi BH Dene busana semeken wonten warni-warni inggih punika:
Busana Semekan Batik,
Busana Semekan Tengahan Sutra,
Busana Semekan Bleg-blegan,
Busana Semekan wonten ingkang ngagem rasukan utawi kebaya, nanging ngagemipun kebaya boten dipun tangkepaken, mila lajeng kembenipun utawi semekanipun ketingal.
5. Busana Seredan, puniika tatacara ngagem nyamping ingkang bonten kados adat sabenipun ngegem wiron, nanging ingkang asring kagem wiron dhawahipun pinggir ngandhap kelek, ingkang dipun pendhet pucukipun, mila lajeng tirahan nyamping katingal kemlembreh …. mila yen tindak lajeng kaseret.

Bab Kain Batik lan Busana Jawi
Nuwun sewu kagem ngawekani ingkang dados underaning rembag, supados boten tumpang suh anggenipun sami nampi, prayogi langkung rumiyin pirsa istilah tembung “kain,…batik… lan busana Jawi”
Sebatan Kain, saged negesi, bahan ( bebakal) kagem busana, kados kagem klabi (baju), kebaj, jas, jaket, sruwal (clana) , sarung, kagem lan nyamping lan bebet lan sanesipun. “Batik” tumusipun tembung mbatik, jaman kawuri satunggaling tradisi damel ageman utawi busana ingkang mligi kegem: sinjang lan nyamping, kampuh lan sarung . pramila batik cekak ing rembag lajeng dados ciri ageman tradisi Jawi. Sanadyan sejarah batik piyambak punika saking tanah manca.
Nanging yen madosi werdining mbatik, klebet satunggaling seni lukis ingkang kanthi srana lilin, kanthi bahan warni alami, kados antawisipun kayu tingi, tegeran, Jongkang, sana, soga, lan sanesipun, nangin sasampunipun para sudhagar manca nagari mlebet, antawisipun tiyang cinten, Arab, wonten bahan warni ingkang sifat kimiawi kados : napthol, rafide, indogosol lan sanesipun
Amargi saking kathahipun nyamping mila pemanggih kula kula pantha dados 4.
1.Nyamping batik: nyamping batik wonten ingkang dipun sebat: Batik tulis, batik cap-capan, batik kelengan, batik coletan, prenting. Dene nyamping wau lajeng sami dipun paringi nama miturut ingkang nyerat utawi ngripta, ciri-cirinipun wonten gambar isen-isenipun nyamping wau.
2.Nyamping jumputan, damelipun krana dipun jumput lan ditangsuli, disum
3.nyamping tenun ; conto lurik, sarta Cindhe. Dene nyamping cinde kadamel krana katenun saking sutra asli.
4.kampuh, utawi dodot:

Nyamping batik punika kathah cacahipun, ngertos kula piyambak ugi mboten mangertos nama setunggal lan satunggalipun. Nanging miturut pemanggih kula, nyampin punika yen nitik saking gambar isen-isenipun saged kula pirang dados 4 :
1.Nyamping corak SEMEN. Ingkang kathah sanget sesebatanipun, conto : Semen Rama, Semen Sida Asih, Semen Sida Mukti, Semen Sida Luhur, lan tasih kathah sanesipun
2.Nyamping corak PARANG: ugi kathah kadosta: parang rusak, parang klitik, parang kusuma, parang plenik Udan riris, parang gapik, Parikesit lan tasih kathah sanesipun
3.Nyamping corak NITIK : ugi kathah: Simbar bintang, tanjung gunung, grompol, Naga sari, Cakar ayam, mrutu sewu lan tasih kathah sanesipun
4.Nyamping corak CEPLOK: Ceplok Gurdha, Ceplok Mangkarta, Ceplok Nagarini, Ceplok Naga Tapa, Ceplok Purbanegara, lan tasih kathah sanesipun

Jogja, 25 Novr. 2011

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

%d bloggers like this: