Upacara Mitoni

Atur Cecala
Tuntunan Mitoni punika sajatosipun namung kagem nyekapi kabetahan amrih ing adicara Mitoni mboten tumpang tindhih lan saget kelampahan kanthi lancar. Dene ingkang dados cepengan inggih warisan lesan saking para pini sempuh, lan punapa ingkang kula sumerepi, sambet kaliyan anggen kula sampun lelumban 40-an babagan tata busana rias penganten.
Pramila upacara mitoni punika, yen kula manah-manah kathah patuladan ingkang luhur. Pramila upacara Mitoni sae lan prayogi sanget yen sami dipun uri-uri lan dipun lestantunaken.
Kejawi saking punika kula pitados bilih panjenengan sedaya sampun sami pana. Ananging tumraping para anem, sanajan pasinaonipun sampun purna nampi gelar sarjana, nanging pemanggih kula babagan tradisi adat Jawi mliginipun Mitoni tentunipun tasih mbetahaken seserepan.
Dene Buku Tuntunan Mitoni punika isinipun caos gambaran kados pundi urutan-urutaning lampah upacara, tuwin punapa uba rampenipun, saha werdinipun.
Ing wusana kula pitados punapa ingkang kula racik ing buku Tuntunan punika tasih kathah kekiranganipun, mliginipun bab pangriptaning tembung saha basa, semanten ugi yen kapenggalih tasih tumpang suh, inggih amargi saking cubluk kula. Kula kanthi andhap asor kersa paring panyaruwe, kanthi nglenggana matur nuwun sanget, mboten kesupen kula aturaken agunging panuwun.

Ngayogyakarta, 01 juli 1990
Karonce; R.Suwardanidjaja

LANGEN KUSUMA
Pelog Enem : (7-8 ) X 4 = 60
6 1 2 .1 2 3 . 1 1 . 1. 2 3 1.2.1 6.0
Pam – ba – gya ka – su – geng – an
6 6.1 2 6 5.6.5 3 . 3 3 . 3 5..6.0
Ra – wuh – i – pun pa – ra ta- mu
2 3 5 . 6 . 2 2 . 2.1 2 3 1.2.1 6.0
Su – mram- bah pra su – tres – na
3 2.35.6.54 . 2.6.53 2.3.21 . 6.5 3 2 3.5..6 . 2.1 2 3 1.2.16.0
mba – bar ber – kah Da – lem Gus – ti
6 1 2 .1 2 3 . 1 1 . 1. 2 3 1.2.1 6.0
Da – mel bi – ngah klu – war – ga
6 6 6 6 6 5 3 5..6 . 2.1 2 3 1.2.1 6.0
La – ras do – nga lan pa – mu – ji
6 1 2.123 3.2 1.3 2.1 6 5 . 1.653 2.3.21.0
Ngge- ni – ra ngan – tu an – tu
3 5 . 1 653 2 . . 2 3 1 . 1 2 1 6..0
la – hir – ing pu – tra ki – na – sih

Ompak-ompak
1. Riris arda ardane wong lumaksana, Dresing karsa memayu mrih dha raharja.Puja -puji memuji Hyang Maha Kwasa, Mugi-mugi tunebihna ing rubeda
2. Wohing jambu sak dhompol isine telu, Mesem ngguyu awit bakal mbopong putu, Wohing mindi sak dhompol isi siji, aja lali andedonga marang Gusti

Kinathi Gondomastuti (Pelog Enem
Pelog Enem
2 3 2 1 / 3 2 6 5 / . 5 6 5 3 2 3 1
Ke – pa – re – nga am – ba ma – tur
Pa – nga – jab – e kang ma – wan – tu
2 5 3 / . 2 1 2 1 /. . 1 2 / . 3 1 2 1 6
Won – ten ngar – sa Da – lem Gus – ti
da – dya bo – cah ing – kang si – git
2 3 2 1 / 3 2 6 5 / . 5 6 5 3 2 3 1
pu – ji so – kur mring Pa – nge – ran
da – di kem- bang ing klu – war – ga
2 5 3 / . 2 1 2 1 / . . 1 2 / . 3 1 2 1 6
pi – na – ring – an mo – mong ab – di
nggon – da a – rum a – mra na – ni
7 5 7 6 / . . 5 4 / . 2 1 2 1
ing – kang jang – kep pi – tung wu – lan
da – dya bo – cah kang u – ta – ma
. . 3 5 / . 5 6 5 3 2 / . . 2 3 1 / . 1 2 1 6
Sa – ged la hir den ba – su – ki
Ing tem – be dha bi – sa muk – ti

Pambuka Upacara
Wigatosing rebag punapa ingkang kula tampi saking para pinisepuh ngendikanipun bilih :
1) Tiyang ingkang ngandheg jangkep 7 wulan punika, titi wanci nglahiraken kagungan penggalih asring ajrih manahipun, menapa-menapa mboten keleresan, yen kagungan panyuwunan kedhah kelampah. Pramila kagem ngawekani sedaya wau tiyang Jawi lajeng ngawontenaken “wilujengan”
2) Tiyang ingkang ngandheg jangkep 7 wulan punika, wancinipun ponang jabang bayi kathah polahipun, ingkang lajeng mahahani nboten mapan ing papan sanyatane, mila lajeng kedadosan jabang bayi wau malang (lajeng matosi), ugi saged ndamel kirang sakeca tumraping badan ingkang nembe ngandheg.
3) Miturut gotheking ngakathah wonten kedodosan ingkang nggumunaken. gampilipun kapenggalih mokal. Inggih punika nalika sampun jangkep 7 wulan bayi ing kandhegan saged musna … ical, mboten dingertosi dunungipun
4) Saking pemanggih kula tiyang ingkang ngandheg kedhah saged nampi kawicaksananing Pangeran ingkang murbeng gesang, tegesipun saged nampi kanthi bingah ing manah saha saged atur panuwun, awit keparengipun Pangeran mitados umatipun, inggih punika paring momongan. Pramila saking punika panyuwunipun, ing samangke yen mijil priya mbok inggiha ingkang bagus lan pideksa, dene yen mijil wanita ingkang endah lan mranani, saha ing tembe saged ndamel kembanging keluarga, tuwin migunani tumrap nusa lan bangsa
Ananging andadosna pamirsa bilih tradisi adat setunggal daerah kaliyan daerah sanes mboten sami. Pramila ingkang kula racik adicara Mitoni punika mligi gagrak Ngayogyakarta.
Cekaking atur,bilih upacara mitoni ingkang dados tetilaranipun para pinisepuh, amargi saking tuwuhing penggalih ingkang mawarni-warni, kuwatos wonten kedadosan ingkang mboten proyogi, mila lajeng nyoso srana, ingkang lajeng karipta dados satunggaling upacara punika. Liripun kagem damel paseksen dumateng sedherek-sedherekipun utawi tangga tepalih, sageda tumut cawe-cawe amrih saenipun dumateng calon bapa lan biyungipun wau.
Punika yen dipun penggalih kanthi tata lahir, sumrambah dumugi tata batin; tuwuhipun saged kapriksani wonten wewujudan sajen ingkang pinangka sesinglon ingkang mengku samudana, kanthi pangajab amrih lahiring ponang jabang bayi saged lancar tebih saking rubeda.
Pemanggih sanes adicara mitoni punika pinangka paseksen. Liripun sampun ngantos wonten tiyang ingkang gadhah panggraita ingkang mboten sae, ingkang tundhonipun saged ndamel runtiking manah, tundhonipun saged numusi kawontenan keluarga boten prayogi utawi mboten damel tentrem.
Ingkang pokok satunggaling adicara kados dene Mitoni, estunipun hamung pinangka pralampita punapa ingkang dados telenging atur panuwun saha pamuji tuwin kepinginipun utawi kekudanganipun tiyang sepuh, ingkang kaaturaken wonten ngarsa Dalem Pangeran, anggenipun ngrumaosi jejering titah sawantah mboten gadhah panguwaos. Pramila wontenipun hamung saged nyenyuwun lan nampi. Awit saking punika inggih bab lahiring ponang jabang bayi estu dados kekeran Dalem Pangeran .
Pramila sumangga adicara punika sageda dadoa lambanging panuwunan saha panyuwunan keluwarga .

I. Peranganing adicara Mitoni:
Tataran sepisan: “Adicara Pambuka “
Pambuka Siraman (sambutan saking ingkang kagungan kersa, langkung prayogi yen dipun bukani ngagem Kekidungan )
Sungkeman (nyuwun pengestu Rama-Ibunipun tuwin Eyangipun, langkung sae yen kairingi kekidungan ).
Donga pambuka siraman ( Sembayang / Gema Illahi yen perlu)
Tataran kaping kalih: “Adicara Siraman”
Adicara punika anggenipun ngadani mboten sami kaliyan siraman calon pengantin, ananging dipun sirami sareng kakung tuwin putri
Dene ingkang mbukani nyiram Ibunipun ( pihak kakung ), lajeng Ibu mara sepuh, nembe ibu-ibu sanesipun, gunggung cacah 7
Mecah kendi, prayogi katindakaken kang nyepuhi wekdal semanten
Nggirah sruwal / kathok nglebet, dening calon biyungipun
Tataran kaping tiga: “Adicara Gantos Busana “
Ing adicara gantos busana punika rambah kaping pitu (7). Dene salebeting gantos busana sedaya ingkang rawuh kasuwun kersa nyemkuyung, krana saur manuk yen kadangu ingkang ngembani adicara wau, nalika dipun adani gantos busana, sami dipunsuwuni persa:”Sampun pantes dereng ?” wangsulanipun “dereng pantes”, Nanging yen sampun gantos kaping 7 ngendika “sampun pantes”
Adicara Medot Janur, katindakaken dening calon bapa. Dene medhotipun janur ngagem keris ligan kang pucukipun dipun tuncepi empu kunir.
Adicara Brojolan, tumindakipun rambah kaping kalih, sepisan ingkang nampi eyang putri saking putri,kaping kalih Eyang putri saking kakung
Adicara dahar kembul, calon bapa lenggah jejer garwanipun, dene ingkang kakung ngladosi punapa ingkang dipun remeni sisihan-ipun,lajeng katun piyambak dhahar jenang procot sarengan

II. Bab Sajen Pirantos Adicara Mitoni
A. Sajen siraman :
1) Tumpeng robyong
2). Jajan pasar
3). Klasa bangka
4). Ayam jaler/jago
B Sajen busana,
1) Jajan pasar
2.) Tumpeng robyong
3.) Tumpeng pitu
4.) Jenang abang
5.) Jenang putih
6.) Jenang plirit
7.) Jenang palang
8.) Jenang baro-baro
9.) Jenang procot
10)Sangga buwana ( itip goreng )

C. Ubarampe sanesipun:
1) Cengkir gadhing 2 iji, dipun gambari Dewi Sembadra dan Raden Janaka utawi Dewi Kumaratih saha Dewa Kumajaya
2) Janur lan empu kunir
3) Cowek, lan wijikan serta serbet = 2
4) Nyamping lan kemben, kathahipun pitu, motif ipun sumangga, namung ingkang baken sampun ngagem “motif parang”, prayogin ipun jenis semen, utawi ceplok, Dene ingkang kedah wonten nyamping saha kemben lurik tenun, nyamping motif “lasem”, dene kemben motif “dringin”, syukur wonten tenun lurik “slarak kandang”. Kejawi saking punika prayogi sanget ingkang mratitisaken adicara, saget paring keterangan werdinipun motif-motif nyamping ingkang dipun agem upacara wau.
5) Unjukan Dawet lan kreweng (pinangka gatosing arta kagem mundut dawet)
6) Mori cacah ipun kalih ( 2 ), kagem busana Siraman
7) Slendang cacah ipun kalih (2), kagem upacara brojolan
8) Senik lan selendang, kagem mande dawet
9) Payung satunggal (1) , kagem upacara dodol dhawet
10) Lemek siraman saking ron-ronan: ron dhadhapsrep, ron koro, ron apa-apa, awar-awar, lan alang-alang.
11) Busana Mataram jangkep, kagem busana calon bapa (Surjan, nyamping, lontong-kamus, destar, keris, slop )

III. Lampahing adicara siraman Mitoni
A. Tataran sepisan: Adicara Siraman
Toya ingkang kaagem siraman inggih punika toya sumber / tuk, ingkang kapendet saking 7 (pitu) panggenan, Kenging punapa kedah mundut pitung panggenan, Ngendikanipun tiyang yen badhe reresik lan saged resik saestu kedah nyuwun tulung ing sanes, kejawi wonten ingkang ngendikaken bilih wicalan pitu (7) kapendet raosipun dados pitulungan, dados werdinipun nyuwun pitulungan dumateng tangga tepalih ( perkawis bab punika kula sumanggakaken ). Dene Toya werdinipun; pinangka pralambang angenipun kagungan niat anucekaken putra ingkang kakandheg lan biyungipun, inggih kawastanan peningka sesuci,
Dene ingkang dipun sirami inggih punika; calon Bapa lan calon biyung, kanthi busana siraman, inggih punika ngagem nyamping mori pethak. Anggenipun lenggah sami jejer
Lemek lenggah saking ron-ronan maneka warni kadosta: ron dadapsrep, ron kara, ron apa-apa, ron awar-awar, suket alang-alang, tuwin gelaran klasa bangka. Werdinipun pinangka srana saged nebihaken rubeda. Pramila ron-ronan wau mboten sembarangan.
dados tuladha sugengipun (dados mboten kedah eyangipun, utawi ingkang tasih jangkep. Pramila sanajan randha, yen mila saged dados tepa tuladha gesangipun punika langkung prayogi ).
Tata cara nyirami: anggenipun ngguyur setunggal siwur saget ngguyur kalih-kalih ipun, mila ngguyuripun kedah kanthi cepet,. Werdinipun ing tembe supados lahiring jabang bayi sageda gangsar/cepet kados ilining toya wau. Prayogi saderengipun maringi konyoh Kathahing guyuran saget rambah kaping ; 3 utawi 5 ugi saget kaping 7.
“Siwur” ingkang pinangka cidhuk kagem ngguyur, kadamel siwur klapa nipun wetah, dene perangan ngandap dipun bolongi.
Ingkang nyirami kantun piyambak, dipun sebat “muloni”; tumin-dakipun; maringi konyoh mancawarna kanthi waradin, saking pasuryan ngantos dumugi sukunipun. siraman kapungkasi ngagem toya kendi, kanthi urut-urutanipun; pasuryan, kagem kemu, lajeng talinga, lan asta, tuwin sukunipun (kados yen sesuci badhe sembayang/wudu), lajeng kendhi pratala wau dipun pecah / kabanting

Pemut: Anggenipun “muloni” sageda paring sembogo umpami: “ndak suwunke marang Pangeran ingkang murbeng dumadi, jabang bayi kang sira kandhut bisa lahir kanthi lancar, yen pria bagus lan pidegsa. dene yen wadon endah marak ati. mbesuk bisa gawe aruming keluarga, lan migunani tumra-ping agama munggahing nusabangsa,” katindakaken saderengipun mecah kendhi. Semanten ugi nalika kendhi kabanting pangandika: “slamet-slamet-slamat – lancar”. Ngendikanipun para pini sepuh; yen samangke cucuking kendhi tasih wetah, jabang bayi lahiripun kakung.
Adicara salajengipun inggih punika; nggirah celana, ingkang nggirah ingkang garwanipun. Ngendikanipun para pini sepuh, pinangka tanda anggenipun kagungan raos tresna asih saha bekti dateng kakungipun
B. Tataran kaping kalih : Adicara Gantos Busana
Adicara gantos busana, sajatosipun mengku wigatos bilih tiyang estri ingkang ngandheg / nggarbini sepisanan, kathah-kathahipun tentu kagungan panyuwunan ingkang maneka warna ( asring lucu-lucu). Pramila adicara gantos busana ingkang ngantos rambah kaping 7, sasmitanipun tiyang ingkang kagungan pepinginan ingkang neka-neka . lan kagungan raos tansah mboten keleresan .
Padatan nalika nyamping lan kemben sampun dipun agem, ingkang mandegani mundut pirsa; “sampun pantes menapa dereng”, lajeng kasuwun sedaya sami paring wasulan “dereng pantes”, ngantos rambah ambal kaping enam. Dene gantos ingkang kaping pitu (ngagem lurik), pitakenan mau sami, nanging anggenipun mangsuli kedah ngendika; “Sampun pantes”. Pinangka pemut; nyamping saha kemben sabibaripun kaagem lajeng kaplotrokaken mengandhap dhawah ing kiwa tengening suku, pinangka “susuh utawi kagem angrem”
Medhot janur.Sarampungipun gantos busana lajeng kaparingan kendit saking janur. Pramila ingkang mandegani paring tanda kaliyan calon Bapa, kersaa enggal ngiris janur wau. Lan sabibar medhot janur wau, kanthi cepet mundur 3 langkah lanjeng mlajar. ngendikanipun paring sasmita ing mbenjang lahiring jabang bayi saget cepet kados plajaring Ramanipun wau
Brojolan. Tumindakipun brojolan rambah ambal kaping kalih; sepisan cengkir ingkang wonten gambaripun kabrojolaken lan katampi calon Eyang putri saking ingkang putri, kalajengken brojolan kaping kalih katampi Eyang putri saking kakung. Sasampunipun cengkir katampi para Eyang putri lajeng sami anglela-lela pindha anglela-lela putunipun estu, Tumuli kasarehaken ing pedaringan ingkang sampun kacawisaken ing lebet dalem . (proyogi anggenipun nglelo-lelo katembangaken)
C. Tataran kaping tiga; Adicara Dodol Dawet
Adicara Dodol Dawet. katindakaken mapan ing emper griya / tritisan. Dene ingkang mande Eyang Putri lan Eyang Kakung Mayungi sisihanipun. (saking ingkang kagungan damel). Eyang putri ngladosi para tamu anggenipun sami mundut dawet kanthi arta kreweng.
Pramila para sederek ingkang sami rawuh kasuwun kersa sami rame-rame ngombyongi mundut dawet. Awit werdinipun mande dawet pinangka pralampita anggenipun kagungan pepinginan, sageda ing tembe putranipun ugi enggal dewasa lan pajeng (nuwun sewu) kathah mitranipun.

D. Adicara Panutup
Pepenget mliginipun kagem calon Bapa lan Biyungipun
Tiyang kang nembe wawrat, mboten kening cundhuk sekar, cundhuk jungkat, ngagem sengkang / cincin. Mindhak numusi Watak kang dipun kandheg
mBoten kenging nedha ulam loh. boten kenging nedha duren, lan maja, awit saget anggogrokaken kandhungan

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

Follow

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: