Tata adat Budaya Jawa

ADAT TRADISI JAWA

Para sutresna Budaya, saderengipn kula ngaturaken bab adat Upacara manten, kang kedadosanipun manake warni, liripun boten sanes amargi tasih sami ngegegi paugeran ingkang boten nilar suba sita. Sarta amargi sami sesambetan ing madyaning brayat agung, ingkang sedaya wau tondhonipun boten sanes anggenipun badhe kepengin ngluhuraken satunggal lan setunggalipun.

Sambet kaliyan punika wau, petang kula bilih siaran RRI lajeng dados srana gerelya budaya, liripun jaman kamardikan dumuki sepriki kados-kados kabudayan Jawi nembe kalindhih kabudayan maca, ingkang kados-kados lajeng cengkah kaliyan poaugeran lan piwucal para pini sepuh.

Mila Siaran bab upacara adat kang lumantar Prog IV RRI sampun dipun tampi ngguroni, nanging kepengin ndhudhah lan nggugah para sutresna budaya ing pundi papan, langkung-lakung ingkang sami nyebat tiyang jawi ( Wong JAWA) murih sampun ngatos kecalan jawinipun.

Dene mligi kula pribadi ingkang kadhawuhan ngaturaken boten ateges kula badhe ngguroni panjengan sedaya. Awit sejatosipun ingkang kula gadhahi pepindhanipun sak agenging kuku kemawon dereng wonten, punika estu, namung kadereng kepengin ndherek tumut cawe-cawe murih lestariipun kabudayan Jawi ingkang adi luhung punika.

Mila Panuwun kula, nyuwun para sutresna budayan sami kersa paring atur pemanggih pamrayogi, lan panyaruwe,  murih warisan kabudayan Jawi ingkang adiluhung, tumuli saged kumbul malih. Kepara saged dados srana meper kabudayan manca ingkang laras kaliyan kabudayan Jawi.

BEDANIPUN UPACARA MANTEN JOGJA  LAN SOLO

Dene wanci punika kula badhe ngaturaken mligi bab bedanipun upacara adat ingkang bade kagungan kersa mantu. Mligi Ngayogyakarta kaliyan Solo. Ingkang sampun dipun damel paugeran, ingkang sipatipun kepara nasional. Dene  gambaripun Upacara makaten:

No Gagrak Yogya Gagrak Solo Keterangan
1 Nontoni Nontoni Woten, sampun boten mlapah
2 Lamaran Lamaran Woten, sipatipun mana suka adat kulawarga
3 Asok tukon Asok tukon Woten, sipatipun mana suka adat keluwarga
4 Srah-srahan, Nyantri Srah-srahan Woten, sipatipun mana suka, umum sapunika sedinten utawi kalih dinten saderengipun ijab
5 Tarub Tarub Woten, sipatipun mana suka,  awit wonten 3,2,1 dinten saderengipun tempuking damel utawi lijab
5 Siraman Siraman Woten, Resmi padatan benten. Solo, wonten bopongan,  mande dawet lan potong rekma. Yogya bibar siraman gantos busana nyampingan grompol + nogosari
6 Midodareni Midodareni Woten, sipatipun Resmi, padatan benten. Solo wonten nebus kembar mayang
7 Ijab Ijab Woten. sipatipun Resmi menggahing nagari
Panggih Panggih Woten, sipatipun Resmi atat Jawi  padatan tata upacaraipun benten-benten
8 Resepsi Resepsi Woten, Siapatipun resmi, mana suka

Saking sarenteten upacara wau sak perangan sampun wonten paugeran, kados antawisipun:

  1. Tata Adat upacara Siraman
  2. Tata adat upacara Panggih
  3. Tata adat Rias penganten
  4. Tata adat Model busana Penganten

Dene sanesipun sipatipun tasih mana suka, tegesipun gumantung pribadi ingkang kagunan kersa..dene tetimbanganipun murih gampilipun. Mila lajeng wonten sebagian upacara dipun gabung kados conipun

  1. Nontoni sampun boten mlampah, awit lare sampun sami tetepangan
  2. Adicara Lamaran dados satunggal kaliyan asok tukon, Lan wanci punika kirang mantepin dipun wonteni  tukar cicin. ( awit tukar cincin sanes tata adat Jawi )
  3. Adicara Srah-srahan kaliyan adicara Asok Tukon
  4. Adicara Midodareni, sampun boten wonten, gantosipun dipun wonteni Upacara Srah-srahan lan ugi Asok Tukon, Mligi kang ngrasuk agami Kristiani dipun wonteni sembayangan, utawi Biston, Kang islam waosan Alqur’an Ingkang sedayan wau manut gothek ing  ngakathah murih gampilipun.

Namung caos wuninga mligi bab upacara Srah-srahan yen ngajeng sampun wonten upacara srah-srahan inggih srah-srahan kang werdinipun tanda sarujuking rembag antawis kulawarga setunggal lan satunggalipun, mila lajeng wonten tanda dados /jadi nggenipun nglamar.  Samenika wonten upacara tukar cicin

Mila Srah-srahan nalika Midodareni pemanggih  kula srah-srahan calon pengaten, mila prayogi boten perlu mbekta punapa-punapa.

Dene kados ingkang kula aturaken ngajeng ,  tasih kathah ingkang dereng dipun damel paugeran, ingkang sipatipun tasih mana suka, kados contonipun

  1. Nontoni;
  2. Lamaran
  3. Asok Tukon
  4. Srah-stahan
  5. Pasang Tarub
  6. Ugi Bab busana kagem tiyang sepuhipun lan busana pengombyong manten : Buku tamu, pager ayu/bagus, among tamu. Lan MC

Makaten sawantawis atur kula sumangga para sutresna kersa nunggal kanthi paring pemanggih. Murih saged mbuka manah para kadang sutresna Budaya , mligi kang badhe kagungan kersa saged langkung terwaca.

Bab Adat Nontoni

Adat Nontoni punika satunggaling tata cara Jawi,  mligi satunggaling kulawarga ingkang kagungan putra kakung, badhe ngersakaken putra mantu, ingkang dados inceranipun. kagem putranipun, gampilipun ingkang badhe dipun suwun dados sisihanipun putranipun

Mila kulawarga kakung lajeng mbudidaya matah satunggaling wakil kulawarga utawi duta, ingkang kadhawuhan nangletaken utawi pados sisik melik, wonten dalemipun lare estri  ingkang dados inceranipun wau.

Mila wakil kulawarga wau sowan wonten tiyang sepuhipun lare estri , ingkang ugi nganthi putra kakungipun. Liripun samangke saged pirsa piyambah larenipun.

Dene kulawarga pihak putri, sampunipun nampi rawuhipun para tamu, ing salajengipun badhe ndhawuhi putranipun putri ingkang dados wigatosing rembag kadhawuhan  ngladosaken unjukan, sarta dhahar kagem para tamu wau. Liripun  sageda dipun pirsani ingkang badhe ngersakaken, leres lan botenipun

Adat ingkang sampun, wonten ing  adicara nontoni rantamanipun:

  1. Atur Pambuka saking kulawarga. Wigatosig atur, ngaturaken kasugengan, sarta mundut pirsa wigatosipun anggenipun sami rawuh.
  2. Atur pangandikan saking pihak tamu. Wigatos atur,  ngaturaken salam taklim Bpk X. Lan matur punapa ingkang dados wigatos sowan.
  3. lajeng kacaosan unjukan lan dedhaharan. Wonten adat caos unjuk punika putra putri ingkang wigatosing rembag ingkang ngladosaken. Dene putra kakung ingkang badhe ngersaken wau namung mirsani kanthi ulat manis, lan tanggap ing samita.
  4. salajengipun kulawarga pihak kakung sami nyuwun pamit, wigatosing rembak sanes wedal badhe sowan malih
  5. panutup, atur pangandikan saking kulawarga putri, lan boten kesupen atur salam taklim katurna bpk. X
  6. Salajengipun wakil kulawarga kondur, lan caos palapuran wonten ngersanipun Rama saha ibu putra kakung wau

Pramila adat nontoni satunggaling adat ingkang luhur, awit upacara Nontoni boten nilar suba sita anggen sami gesang ing madyaning brayat agung kang maneka warni

Punapa ingkang dipun kajengaken BIBIT, BEBET, BOBOT:

Wigatosing rembag: Upacara Nontoni, satunggaling adat tiyang sepuh ingkang badhe kagungan kersa mantu, kanthi pangajab putranipun manggih begja mulya. Mila 3 prekawis kang dados tetimbangan :  BIBIT, BEBET, BOBOT

Sambet bab wau, lanjeng punapa werdinipun, lan punapa tasih relepan?:

Saking pemanggih kula bab upacara nontoni, najan kawontena tambah maju, lare sampun sami tepang, nanging jejering tiyang sepuh  kinten kula sae lan prayogi tetep cawe-cawe, paring tetimbangan. Jaman kawuri tetimbanganipun kados ingkang asring kapireng ingkang dipun wastani: BIBIT, BEBET LAN BOBOT punika

Dene saking pemanggih kula tetimbang punika wonten saenipun, awit werdinipun  :

  1. Bibit. Gampilipun wiji, asal-usul saking pundi utawi kulawarga kang kados pundi. Awit kula pitados bibit ingkang sae tumusipun damel brayat utawi kulawarga ugi sae, boten gampil crah utawi padudon.
  2. BEBET. Kinten kula tetimbangan punika ugi tasih perlu, awit; bebet = sipat, watak larenipun, murih saged larasing anggenipun sami bebrayan.  Mila pangajabipun murih  saged sami mong kinemong antawis satunggal lan satunggalipun. Mila ingkang perlu dipun emut, bilih watak dados sandhanganing tiyang , utawi dados ciri-wancinipun, boten saged ewah.
  3. BOBOT, tumanduk saged saking kapinteran, saking derajat, utawi saged kadungan raja brana.

Ewa semanten kula sumanggaken. Awit sedaya ugi saking nasibing lare. Nanging yen ngemuti duk semanten dados tetimbangan bilih BIBIT, tegesipun wiji, utawi asal-usuling kulawarga, kados pundi sae lan botenipun, BEBET, tegese derajat turunipun, mligi sipat lan watakipun. BOBOT, tegesipun larasing gesang ing tembe wingking

Makaten saklumit gambar adat nontoni ingkang kula mangertosi. Pramila kula sumanggakaken  para sutresna budaya  badhe nanggapi.

Bab Adat Lamaran

Kados pundi babaring adat lamaran jaman kawuri lan kados pundi prayoginipun ing wanci punika ?

Adat ingkang sampun, upacara lamaran katindakaken saksampunipun angsal sisik melik, lare istri ingkang dados inceranipun cetha dereng dipun wengku kakung.

Dene urutaning adicara lan uba rampening Lamaran kang baku

  1. Atur pambuka saking kulawarga
  2. Atur panglamar ( saged ngagem surat , atur pangandikan).
  3. Caos tanda katresnan ( oleh-oleh, maneka warni dhaharan saking ketan,  werdinipun murit saged lengket / kelet) tumus sageda lajeng rumaket pepindhaning renggang gula kepyur pulut
  4. Caos kintun oleh-oleh yen tamu wau kondur
  5. panutup.

Adat Asok Tukon

Sajatosipun asok tukon, boten perlu dipun acarani, tegesipun saged sesambetan langkung prei, Dene Asok tukon kathahipun dipun dadosaken satunggal kaliyan nalika Lamaran.  Lan wonten nalika Malam Midodareni

Dene uba rampe asok tukon :

  1. Sanggan.
  2. Busana satunggal pengadeg kagem calon manten putri
  3. tindhih ( arta kathah sekedhikipun sumangga )
  4. Oleh-oleh, ujude dhadharan saking ketan
  5. Yen Eyangipun tasih sugeng, dipun kantheni nyaosi pesing

Bab Pasang Tarub

Saking pemanggih kula Tarub, satunggaling adat mligi tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu. Liripun jaman kawuri kagem ngawekani yen tamu ingkang rawuh kathah. Nanging ugi kepara malah saged dados pratanda bilih ing mriku wonten ingkang kagungan kersa. Kejawi saking punika ngendikanipun para pini sepuh bilih pasang tarub satunggaling adat ngawekani dhatengipun bab-bab ingkang boten prayogi, mila tarub ugi dados satunggaling srana talak balak.

Manut crita kina pasang tarub dados pratanda nyuwun dumateng ingkang jagi lingkung utawi papan mriku kawentaripun dipun sebat ingkang mbaureksa, kanthi pangajab murih tumut ngrencang-ngrencangi. Nanging ugi wonten ingkang kagungan pemanggih dados srana anggenipun nyuwun dumateng ‘Ki Jaka Tarub’ supados kersa mbantu sarta jagi anggenipun kagungan kersa  murih papan wau saged cekap(amot)  lan mboten nguciwani anggenipun nampi para tamu.

Kejawi saking punika pasang Tarub. asring wonten ingkang ngagem petang utawi tetimbangan ingkang sipatipun dipun wastani  “saat”.  Dene tetimbangan wau lajeng kados-kados dados paugeran awit dinten lan wancinipun dados pathokan, lan wonten bab sanes, kados contonipun yen sareng naasipun kulawarga. mila pinanggihipun unik. Dene tetimbangan kula ingkang baken; dinten lan wekdal saged disengkuyung dening sanak sederak punapa boten, nuwun semu punika kula. Ingkang tentu kemawon boten nilar paugeran Jawi, awit wewujudan tarub wau estu damel regenging papan, kepara damel aguning budaya Jawi, sarta saged damel kajen kelingan kang kagungan kersa

Pasang tarub punika saking masang tratak dan bleketepe, serta pasang tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol mlebet medalipun tamu.

Tutuwuhan ingkang dipun agem werni-werni, ingkang awujud who-wohan ( biji ), wit-witan, ingkang kapilih dados lambing punpa ingkang dados pangajabipun ingkang kagungan kersa. Kadosdene

  1. Pisang Raja Ayu
  2. Kelapa ganding
  3. Tebu wulung
  4. Pari lan cantle
  5. ron-ronan ;  keluwih,ringin dan kroton lsp

Pasang “Tratak”

Jaman kawuri tratag dipun damel saking “kepang” nginggilipun katutup “bleketepe”. Bleketepe punika ; nam-naman ron klapa. Nanging samika  tratak umumipun dipun gantos  tenda.

Tratak pinggiripun paringi “janur kuning”. Dene masangipun paugeranipun kadamel mlengkung, werdinipun amayungi.  Dene tembung “janur” ngendikanipun mengku werdi saking ‘jan-nur’, tegeseipun  ‘jan’ saking tembung “jane”  dene  ‘nur’ cahya. Mila werdinipun Cahya ingkang nyata, utawi terang sanyata. Dene werdinipun masangan janur kuning dados lambang tetenger ing wanci punika ing mriku wonten manten.( Yen wis ana janur kuning  mlengkung sira aja wani ngganggu wanita iku)

Salajengipun punapa kemawon uba rampe kagem damel tarub

1. Damel  “kajang” utawi tratak, cagak saking deling ampel utawi wulung (pring), lan payon kadamel kepang , nginggil dipun sukani nam-naman “bleketepe”, pinggiring tratak dipun rengga janur kuning kapasang melengkung.

2. Tetuwuhan, kapasang ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan punika saking pisang raja, cengkir gading, tebu  wulung, pari lan cantel, ron  kluwih, ron kruton lan ron ringin. Miturut gotheking ngakathah sedaya wau kapilih mengku pralampita, satunggaling pangajab saking kang kagungan damel

3. Werdinipun Pisang raja” kapilih kang sepuh, wonten kalih tundhun” . kang werdinipun  lambang pangajab ing tembe para putra kagungan watak/sipat kados raja ingkang berbudi bawa laksana, lan tansah dipun pitados tiyang kathah, sarta tansah mranani, kejawi saking punika mugi gesangipun lare kados dene pisang “rila pejah yen sampun wonten wohipun”

4.  “Pari wulu”  kalih unting’ utawi cantel (salah satunggal) lambang sang pinanganten kathah rejeki, boten kekirangan.

5. Klapa ganding ‘2 janjang’. Lambang ing tembe pinangantin saged gesang  ing pundi papan, sarta saged migunani gesangipun mligi brayatipun sumrambah tiyang sanes

6. Tebu wulung’ 2 batang, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka tolak balak, nanging ugi dados lambing mantepaning manah anggenipun kagungan kersa. Kejawi saking punika pangajabipun pengantin ing tembe gesang ipun sampun namung pados manisipun kemawon, kadosdene pepatah “habis manis sepah dibuang”

7.  Ron keluwih’, dados lambang supados ing tembe wingking gesangipun saged tansah ‘linuwih’ , sarta gesangipun saged kacukupan ; bab raja brana sarta  derajat dsb

8.  Ron ringin, mengku werdi gesangipun sageda dados payunging kulawarga, sumrambah  dateng masyarakat sakiwa tengenipun. ( nuwun sewu boten malah damel kapitunan )

9. Ron kroton / puring, kejawi dados tolak bala mligi roh alus ingkang badhe ngganggu kawilujenganpin sarta badhe njugaraken sesambetanipun bebrayan

Mila tarub satunggaling pratanda pasang tolak balak sambet anggenipun  kulawarga badhe kagungan kersa mantu. Dene janur kuning kang mlengkung dados lambang bilih lare putri putranipun bapak ( N ) sampun wonten ingkang mengku. Mila pasangipun kedah melengkung mengku werdi ngrengkuh.

Makaten sawantawis bab tatacara adat Jawi pasang tarub

BAB UPACARA PANGGIH PENGANTEN

GAGRAH NGAYOGYAKARTA

Pepanggihan wanci punika badhe kula aturaken mligi:

  1. NDUDHAH WIGATOSING UPACARA PANGGIH
  1. LAMPAHING ADICARA PANGGIH

Ngemuti bilih kabudayan Jawi estu luhur, liripun mengku sasmita, kebag ing pralampita, awit kebag ing pitutur utawi piwucal luhur kang sinandi. Ingkang tlonjongipun amargi kawios saking pangandikan utawi pangajab ingkang kagungan karsa, boten sanes murih sageda  sami manggih kabegjan, gesang kang utami

Dene Adat upacara panggih penganten punika pancen boten sami antawisipun daerah satunggal lan satunggalipun, kados dene gagrak Ngayogja kaliyan gagrak Solo, sarta daerah sanesipun, semanten ugi uba-rampenipun, sarta lampahing adicara. Pemanggih kula, sedaya wau ingkang dados sumber boten sanes saking kraton, utawi ingkang kagungan panguwaos wedal semanten. Mila gagrak Yogja ugi saking Kasultanan Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, semanten ugi gagrak Solo saking kasunanan Kraton Surakarta Hadiningrat.

Nanging ingkang badhe kula aturaken, mligi upacara panggih gagrak Ngayogya, ingkang sampun sumebar sarta mekar sak jawining kraton. Kepara sampun dados paugeran saking para empu ingkang sami pinitados

Dene upacara Manten kula pilah dados kalih perangan inggih punika:

  1. A. Upacara sangajenging tarub
  2. Purwakaning upacara: Manten kakung lan pangombyong yen dumugi ngajeng Tarub kendel, lumarape Sanggan ingkang dipun aturaken Rama-Ibu Manten Putri, kang werdinipun; atur wuninga bilih Manten kakung sampun rawuh, mila nyuwun palilah enggal kersa manggihaken  putranipun putri. Yen sanggan sampun katampi, tumuli penganten putri kaboyong medal, dipun purwakani medalipun kembar mayang. Dene padatan kembar mayang kasenggolaken penganten kakung nembe kembar mayang dipun bucal, werdinipun mbucal sesukeripun saha paring pambiwara, yen wanci punika wonten manten .
  3. Balang-balang suruh / sadak: ( manten putri  3, kakung 4 ) yen sampun sami aben ajeng ( 2-3 m) lajeng sami balang-balangan. Werdinipun mengku pralambang anggenipun sami kapang (kesusu weruh)
  4. Wijikan, Manten putri mijiki maten kakung wonten ranupada, kanthi ngguyur toya sritaman 3 X.  Werdinipun dados tanda anggenipun nucekaken  Kakungipun, awit badhe mlebet / ngadani upacara ingkang langkung wigati utawi suci, ugi saged dipun wastani tanda tresnanipun ingkang putri.
  5. Mecah tigan ayam: Salajengipun manten jumeneng aben ajeng, tumuli Nyi Sembaga mundut tigan kathuthukan larapan maten kekalih, tumuli tigan kapecah / kabanting. Werdinipun dados tandha anggenipun pecah pikiranipun badhe manunggal, lan sageda saged numusi wiji dadi. Salajengipun penganten kekalih kaboyong mlebet

B. Upacara ing nglebet dalem

Manten dipun dherekaen mlebet dening Ibu pengaring, lan pangombyong  Dene Urutaning lampah upacara :

1)     Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya manten putri, Werdinipun kakung maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem sisihanipun kang dipun tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging tumusing manah tasih dereng pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.

2)     Dhahar klimah: Kakungipun mundut sekul kakepel 3X, kaparingaken ing lancaran kang kaasta manten putri, lajeng kadhahar sisihanipun piyambak, kang kakung namung mirsani kanthi mesem… bingah. Lajeng sami wijik, lan ngujuk sesarengan.

3)     Sungkeman, yen besan badhe rawuh, prayogi dipun papak, yen sampun lenggah nembe sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun putri, lajeng sungkem tiyang sepuhipun kakung ( besan)

Adicara punika mligi yen mantenipun prawan kaliyan joko. Awit yen randha asal joko, lan sewalikipun, sarta tasih wonten sambet sederek, pranataning adicara boten sami. Kejawi punika yen putra manten putri mbajeng, asring dipun adani langkung rumiyin ngunjuk rujak degan, werdinipun pinangka pambuka tumuruning wahyu penganten ing kulawarga. (ingkang mbikak margi / bukak dasar )

Makaten sawentawis adat upacara Panggih Manten gagrah Ngayogjakarta. Ingkang sampun dados paugeran

Atur Cecala bab Uba rampe upacara panggih, Ing Ngajeng Tarub:

  1. Sanggan (pisang raja setangket, ganten, sekar setaman, lan lawe wenang
  2. Gantal. suruh kalinting isinipun; gambir lan apu katangsuli  tali lawe
  3. Ranupada ( lemek kagem mijiki suku ) lan siwur
  4. sekar setaman ( mlathi, kenanga lan mawar )
  5. tigan ayam kampung

Uba rampe upacara, Ing nglebet utawi ing pedaringan

  1. Kagem tampa kaya; inggih punika:

v     arta receh, cacah jangkep, saking kang alit dumugi ageng piyambak)

v     biji-bijian ( wiji = winih) ingkang saget tuwuh;dele, tholo, kacang ijo, beras,  jagung lan sanesipun.

v     empon-empon: dlingo bengle

v     sekar sritaman,

v     Kacu wadha kagem wadah guna kaya wau.

v     Kagem dhahar klimah: sekul kuning, kanthi lawuh ati ayam kapindang antep, saged dipun pepaki upami ngagem lalapan, lan sanesipun

v     Piring kagem dhahar, Wijikan lan serbet / kacu

v     Unjukan pethak / teh ( lan rujag degan yen perlu )

Gendhing ingkang dipun agem:

  1. Gendhing Bindri : kagem ngiringi rawuhipun maten Kakung
  2. “Ladrang Penganten Pl Barang= kagem upacara wiwit balang-balang dumugi kabotong mlebet dalem
  3. “Ladrang “Ganti Wibawa Pl Barang, utawi kidung Dhandhanggula penganten kagem upcara kacar-kucur lan sungkeman.

UPACARA PANGGIH PENGANTEN GAGRAH SOLO

Cekaking rembag: Nglajengan punapa sampun  iaturaken rikala Minggu kapengker,  upacara panggih gagrak Ngayogyakarta. badhe kula sambet kados pundi yen gagarak Solo, lan ing pundi bedanipun. Nuwun sewue ingkang kula aturaken punika, mligi tata ados adat kabudayan sakjawining kraton ingkang sampun dipun tangsuli dening paugeran-paugeran, kepara sampun kekahaken dados paugeran umum,

Upacara sangajenging tarub

Panataning pangombyong (pormasi barisan) Maten kakung

  1. Cucuk lampah (ingkang pinangka wakil keluwarga)
  2. Sanggan
  3. Kembar Mayang sepasang
  4. Maten kakung lan 2 ; pengaring Kakung
  5. Pangombyong (kulawarga, warga sanesipun. Tiyang sepuh boten tumut )

Panataning lampah (pormasi barisan) Maten Putri

  1. Cucuk lampah,
  2. Putri Domas ( Penari gambyong,yen perlu ngagem )
  3. Kembar Mayang sepasang
  4. Maten putri lan 2; pengaring Putri
  5. Tiyang Sepuh.
  6. Mligi warga nunggal bapa biyung ( boten perlu  perlu pengombyong)

Tata rakiting upacara

  1. Manten kakung rawuh dipun purwakani gending Kebo Giro ( monggang)
  2. Rombongan dumugi ngajeng Tarub, kang ngasta sanggan lajeng mlebet ( kados Yogja). tumuli Rombongan Manten putri medal .
  3. Litunan Kembar Mayang, kembar mayang saking kakung kacaosan keluarga, samangke kapajang sakiwa tengening dampar rinengga / pedaringan. Dene kembar mayang saking putri kabucal wonten jawi ( prapatan)
  4. Balang-balang sadak ( namung kaping sepisan)
  5. Manten Kakung ngidak tigan ing ranu pada
  6. Manten putri mijiki sukunipun.
  7. Manten kaboyong mlebet ngadani adicara kacar-kucur. Nalika mlebet maten kekalih dipun kemuli sindur, Ibunipun. Werdinipun tiyang sepuh  nggendhong kekalih putranipun, Mila cakcakanipun Ramanipun wonten ngajeng maten, dene maten kekalih sami nyepengi bangkejan ramanipun, Ibunipun wonten wingking maten kaliyan nyepengi sindur ingkang dipun kemulaken, lanjeng mlebet, dipun rumiyine embar mayang saking kakung wau. Ingkang dipun pandegani cucuk lampah.
  8. B. Adicara kacar-kucur:

1)     Upacara timbangan, tumindakipun: Ramane Lenggah, lanjeng maten sami dipun pangku pupu  kiwa tengen  ramanipun. Tumuli Ibune nyuwun pirsa:”Abot endi Pak?” Ramanipun paring wangsulan: “Padha wae “

2)     Upacara Tandur:: bibar mangku Ramanipun lajeng jumeneng, tumuli manten kekalik pundhakipundipun cepengi asta kiwa tengen lajeng kalenggahaken (katuncepaken) mimba tiyang tandur

3)     Upacara Tampa Kaya, sami Yogya

4)     Dahar Klimah, tumindakipun manten kakung mundut sekul kakepel kaping tiga, dipun paringaken piring ingkang dipun asta manten putri, lajeng sami dipuin dhahar sesarengan (Kembul dhahar) lajeng wijik, lan ngujuk sarengan.

5)     Yen manten putri bajeng, lajeng diun adani ngunjuk rujag degan, tumidakipun: Ibu maten mundut rujag degan, kacaosaken garwanipun, yen sampun diujuk, sisihanipun nyuwun pirsa: ” Piye pak rasane?

6)     Garwanipun mangsuli:”wah seger sumyah, lajeng rujak dipun suwun Ibunipun, lajeng kaunjuk, kanthi manthuk-manthuk, lajeng dipun paringaken putra manten kekalih, supados ugi ngicipi unjuk.

7)     Sungkeman, dipun purwakani metuk besan, yen sampun lenggah, lajeng dipun purwakani sungkeman, caranipun kados Yogya.

Wigatinging rembag

  1. Yen sungkeman: prayogi keris boten diagem, yen sampun rampung sungkeman keris dipun agem malih
  2. Adicara Panggih Manten gagrah Yogya lan Solo betenipun. antawisipun:

1)     ngajeng tarub gagrak Solo; linton kembar mayang, balang-balang suruh namung mbalang kaping 1 X, Lajeng ngidak  tigan, nembe wijikan. Mlebetipun penganten dipun kemuli sindur Ibunipun

2)     Gagrak Yogya, boten wonten linton kembar mayang, balang-balangan suruh kaping 3 lan 4, lajeng Wijikan, tigan dipecak/dibanting.

3)     Upacara kacar-kucur,:

  1. Yogya:  boten wonten, timbangan ( trajon lan tandur ).
  2. Yogya, ingkang dhahar namung  manten putri. Yen Solo kembul dhahar

3. Yen manten bajeng, gagrak Yogya ngunjukipun rujag degan bibar upacara kacar-kucur, saderengipun kacar-kucur. Yen Solo saderengipun kacar-kucur

Makaten sawantawis gambaran upacara panggih manten gagrak Solo, pramila kula aumanggakaken. Nuwun

Cathetan: Gendhing ingkang dipun agem:

  1. Gendhing Kebo Giro utawi Monggang kagem Maten kakung rawuh
  2. Kodhok Ngorek kalajengaken Ktw Laras Maya upacara panggih dumugi kalenggahaken. Kalajengaken Ladrang Mugi Rahayu kagem ngabekten

TANTINGAN                    =  putra dalem Kakung,

PANANTUNAN               = putra dalem PUTRI

Macul tumpeng                = Putrine luwih tuwa

medot lawe                      = tasih misan

Ancik-ancik pipisan        = sepupu ( sak Eyang )

Nyecek mawa ( bugel)    =  yen kakunge wis tau krama

Santren, 3 April 2008

R.Suwardanidjaja

BAB UPACARA SANES  SAMBETIPUN KALIYAN UPACARA PANGGIH MANTEN

Upacara Maten

Upacara Maten, ingkang kedadosanipun  sambung-sinambung kados ingkang sampun nate kula aturaken antawisipun bab: ­    Nontoni,­    Lamaran, lan asok tukon,­    Siraman lan Nyantri sarta Midodareni.­    Ijab,­    Upacara panggih

Kejawi punika ugi wonten upacara ingkang LANGKAHAN, kang dados tetimbangan inggih punika:

  1. Yen Nglangkahi           : kasebat Upacara langkahan dipun adani umumipun nalika wanci malem midodadreni
  2. Yen Putra bajeng        : kasebat Upacara  bubak kawah ( dipun adani sasampunipun upacara ing ngajeng tarub, lan saderengipun upacara  kacar-kucur )
  3. Yen Putra Wuragil    : kasebat Upacaara  tumplak Punjen ( diadani sasampunipun upacara upacara panggih purna_

Dene yen ngemuti  jaman semanten, upacara panggih dipun bedakaken yen kawontenanipun putra-putra penganten kados antawisipun:

Upacara panggih yen Prawan kaliyan Jaka ingkang mastani tigas kawuryan, dene yen putra manten putri mbajeng dipurwakani Tiyang sepuh ngunjuk rujag degan. Dipun wastani “BUBAK KAWAH”.  Ingkang sampun nate kula aturaken. Ingkang werdinipun Upacara punika  mbok menawi punika mendhet saking berkahipun Kyai Ageng Pemanahan nalika angsal gaibing Pangeran yen badhe nurunaken dat ratu kang pinunjul, karana ngunjuk deganipun ki Giring,  Mila ing upacara Panggih tiyang sepuh sami ngunjuk toya degan ugi putra penganten, pamrihipun ing bejang putranipun saged gadhah turun ingkang luhur utawi dados priyagung, ingkang gesangipun boten kekirang (ingkang umum sami mestani ngunjuk rujak degan)

Upacara panggih Prawan asal jaka lan tasih naning tasih sederek piyambak, dene manut silsilah kang estri langkung sepuh, upacaranipun ingkang kakung saratipun  inggih punika  macul tumpeng kanthi mancik sak nginggiling pipisan, tumuli kalajengaken nrajang lawe wenang.. lajeng nembe dipun adani upacara panggih. Nanging yen kakungipun langkung sepuh, manten nrajang lawe wenang, mboten ngangge macul tumpeng

Upacara Prawan kaliyan Dhudha kembang. Dene pangrakiting upacara inggi punika ; saderengipun upacara panggih dipun acarani manten putri nyiram bugel ( tumper) ngagem toya wonten ngajeng tarub, dados saderengipun upacara panggih. Werdinipun, manten putri arsa nampi lan adhe memper, nyirep punapa ingkang sampun nate dipun lampahi dening manten kakung duk semanten, inggih klebet kekajengan, kareman utawi watakipun

Upacara Randha kembang kaliyan Jaka, dene upacaranipun sami, namung ingkang nyiram toya ingkang kakung

Cekaking rembag: Upacara  panggih jatosipun mengku werdi ingkang luhur, liripun pinanggihipun lare kekalih antawisipun jaler lan estri, ingkang nyuwun donga lan pangestu sedherekipun lan tangga tepalih, kanthi paring paseksen bilih titiwanci punika lare kekalih sami ngepyakaken anggipun badhe sami tembayatan inggih menika mbangun bale griya murik ing tembe brayat sami manggih rahayu nir ing sambe kala. Kanthi makaten murih lancaripun upacara layeng dipun tata, lan dipun acarakaken, ing mriki lahiripun tata upacara panggih

Mila nuwun sewu yen badhe damel ada-ada piyambak inggih mangga, nanging ingkang jangkep, tegesipun runtut. Nuwun sewu upami ngagem busana model muslim inggih mangga, nanging yen dipun tata upacara sampun ngagem upacara Jawi inggih gagrak Solo utawi Ngayogja. Nuwun sewu kula mastani punika nama ngrisak kabudayan ingkang adi luhung.

Dene Bab Upacara tumplak punjen prayogi dipun rembag ing wedal sanes. Wusana matur nuwun

dening R.Suwardanijaya

3 Comments

  1. Indri said,

    7 February 2010 at 2:17 pm

    Mari kita bersama melestarikan budaya yang baik ini, terus kembangkan dengan artikel-artikel yang lain Pak….supaya banyak orang membacanya
    salam
    indria

  2. Hen Moeriat Garbin said,

    22 November 2010 at 12:41 pm

    Im born as Dutch and as muslim in South America. Tenapi bapak (Jawi) lan ibu(Sunda) tasih nguri2x adat Jawi lan Sunda. We move since 1975 to Holland and stay till now (2010) in Europe.

    As child i see a lot of these traditions and cultures matters in our neighbourhood and other villages. There are places with totally Java outside Indonesia in South America (Suriname). I name some villages in; Dessa, Kuwarasan, Tamansari, Wonoredjo etc. etc. this places still believe and do the adats from the old javanese traditions from 1890 !!!

    Matur nuwun,
    Heng Moeriat Garbin
    Den HAAG The Netherlands

  3. Vempi said,

    9 May 2011 at 5:18 am

    muanteb artikelnya…


Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Log Out / Change )

Connecting to %s

Follow

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: