Gurit Natal

Gurit Natal

Kagurit dening R.Suwardanijaya
DIPADHA BUNGAH

Ora kaya bungahe kang padha rawuh
padha ora tidha-tidha lan pakewuh
awit semboyane kang wus tukul
pokoke mangan ora mangan kumpul
Apa maneh kabeh katon padha akur
nadyan dudu sanak dudu sedulur
kuwi yen sliramu …. jujur kersa nlusur….

Mula yen dha ngaku dadi wong Ngayogjakarta
mesthine padha ngombe banyune wong Yogja
lan gelem ora gelem bakal necep budaya Jawa
kang wus kawentar wiwit jaman kuna
mula sliramu kabeh rak hya dadu wong manca ta ?

Dene saiki bebarengan padha mahargya
Riyadi Agung Natal lan tahun anyar
Ning blakane apa hya dha ngerti darunane ?
Aja-aja mung ela-elu manut kancane ?
Lho yen iku kagawa mrentul saka atine
Alkhamdullilah, yen ngono ….

Mula sira aja mung dha mesam-mesem wae
Padha liyer-liyer sila tumpang melu senenge
Apa dha ra mesake kiprahe,… panitiane
Montang-manting golek ragat mrana-mrene
Wis tombok bensin, isih pegel boyoke,
Haywa pancen asem kecut gulane legi

Nanging yen dipikir lan dinalar dawa
Kang tumuse padha bisa gathuking rasa
Bisa padha bungah sesandhingan lenggah
hamung dongane penggurit kang banyu mili
sokur ing tembe para panitia entuk kawigaten
Embuh saka pimpinane (RRI) ….sing cetha Pangeran pirsa
Sekar Pocung:
Bapak Ibu, pancen seneng yen dha kumpul
Bisa ndudut yuswa, gawe seger jroning ati
Ben dha tuwa yen kumpul kaya neng swarga
Sugeng Natal lan warsa anyar

Yogja, 14 Desember 2010

Leave a comment